PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Berita ing Alkitab kuwi intiné soal Kerajaané Gusti Allah. Kabèh sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat kerajaan kuwi. Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Apa buktiné nèk kuwi saiki wis mréntah? Selama mréntah, apa waé sing wis kelakon? Sukmbèn, apa manèh sing bakal kelakon? Kuwi bakal dirembug ing pelajaran 31 nganti 33.

      1. Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Rajané sapa?

      Kerajaané Gusti Allah kuwi pemerintahan sing didegké Yéhuwah ing swarga, sing rajané Yésus. (Matius 4:​17; Yohanes 18:36) Menurut Alkitab, Yésus ’bakal dadi raja nganti saklawasé’. (Lukas 1:​32, 33) Sing dadi rakyaté kuwi kabèh wong ing bumi.

      2. Yésus mréntah karo sapa?

      Ana ”wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa . . . bakal dadi raja lan mréntah bumi” bareng karo Yésus. (Wahyu 5:​9,​10) Jumlahé pira? Meskipun sing dadi muridé Yésus ana akèh, tapi sing mréntah ing swarga bareng Yésus mung 144.000. (Wacanen Wahyu 14:​1-4.) Muridé Yésus liyané bakal dadi rakyaté ing bumi.​—Mazmur 37:29.

      3. Ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa?

      Meskipun ana pemerintah sing apik, sing mikirké rakyaté, tapi rencana-rencanané durung mesthi isa kelakon kabèh. Malah, ana sing terus diganti karo pemerintah liya sing ora mikirké rakyaté. Tapi, Yésus ora bakal isa diganti. Gusti Allah wis ”ngedegké kerajaan sing ora bakal dihancurké”. (Danièl 2:​44) Pas mréntah bumi, Yésus apikan lan adil. Yésus sayang lan ora mbédak-mbédakké rakyaté. Yésus ya ngajari rakyaté bèn niru sifat-sifaté.​—Wacanen Yésaya 11:9.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo dirembug ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa.

      Saka swarga, Yésus mréntah bumi. Ing mburiné ana 144.000. Ing mburiné manèh ana cahaya kemuliaané Yéhuwah.

      4. Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah kabèh wong ing bumi

      Yésus nduwé kekuasaan sing luwih gedhé timbang pemerintah manungsa. Wacanen Matius 28:​18, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa bédané kekuasaané Yésus karo manungsa?

      Pemerintahané manungsa gonta-ganti terus lan ora isa mréntah kabèh wong ing bumi. Nèk Kerajaané Gusti Allah piyé? Wacanen Danièl 7:​14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah ”ora bakal dihancurké”?

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah kabèh wong ing bumi?

      5. Mung Kerajaané Gusti Allah sing pantes mréntah manungsa

      Ngapa kok sing mréntah manungsa kudu Kerajaané Gusti Allah? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?​—Cuplikan (1:​41)

      • Apa akibaté nèk manungsa sing mréntah?

      Wacanen Pengkhotbah 8:​9, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Menurut njenengan, ngapa kok sing mréntah manungsa kudu Kerajaané Gusti Allah?

      6. Yésus lan sing mréntah bareng dhèwèké ngerti perasaané manungsa

      Yésus sing dadi raja Kerajaané Gusti Allah tau dadi manungsa. Makané, dhèwèké ”isa ngerti kelemahané awaké dhéwé”. (Ibrani 4:​15) Sing mréntah bareng Yésus, sing jumlahé 144.000, asalé ya ”saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa”.​—Wahyu 5:9.

      • Apa njenengan seneng bar ngerti nèk Yésus karo sing mréntah bareng dhèwèké tau dadi manungsa? Lha ngapa?

      Wong-wong saka jaman sing béda-béda sing dipilih munggah swarga.

      Yéhuwah milih wong-wong saka kabèh bangsa lan basa kanggo mréntah bareng Yésus

      7. Aturané Gusti Allah kuwi sing paling apik

      Pemerintah nggawé aturan sing ana manfaaté kanggo rakyaté. Kerajaané Gusti Allah ya nggawé aturan sing kudu ditaati rakyaté. Wacanen 1 Korintus 6:​9-​11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Nèk kabèh manut aturané Gusti Allah,a donya iki dadi piyé?

      • Menurut njenengan, apa Yéhuwah nduwé hak kanggo ngatur rakyat Kerajaané Gusti Allah? Lha ngapa?

      • Apa buktiné nèk wong sing kelakuané ora sesuai karo aturané Gusti Allah akhiré isa manut karo Gusti Allah?​—Deloken ayat 11.

      Polisi ngatur lalu lintas. Wong-wong lagi nyabrang dalan.

      Nèk aturané pemerintah waé ana manfaaté kanggo rakyaté, apa manèh aturané Gusti Allah

      NÈK ANA SING TAKON: ”Kerajaané Gusti Allah kuwi apa?”

      • Njenengan njawab apa?

      KESIMPULAN

      Kerajaané Gusti Allah kuwi pemerintahan ing swarga sing bakal mréntah bumi.

      Jawaben

      • Sapa waé sing mréntah ing Kerajaané Gusti Allah?

      • Ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa?

      • Yéhuwah péngin rakyaté piyé?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Menurut Yésus, Kerajaané Gusti Allah ana ing endi?

      ”Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?” (Artikel ing jw.org)

      Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah pilih ndhukung Kerajaané Gusti Allah daripada pemerintahané manungsa?

      Ndhukung Kerajaané Gusti Allah (1:​43)

      Ing Alkitab ana keterangan apa soal 144.000?

      ”Sapa sing Bakal Munggah ing Swarga?” (Artikel ing jw.org)

      Wacanen pengalamané wong wédok sing pas dipenjara dadi ngerti soal pemerintahan sing paling apik.

      ”Akhiré Aku Ngerti Sapa sing Isa Nggawé Kabèh Wong Ngrasakké Keadilan” (Gatèkna! November 2011)

      a Aturan-aturan kuwi bakal dirembug ing Bagian 3.

  • Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah Bumi
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Saiki, Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga. Tapi, ora suwé manèh ya bakal mréntah bumi. Ayo dirembug apa waé berkah-berkahé.

      1. Bèn kabèh wong damai lan ora ana sing dijahati, Kerajaané Gusti Allah bakal ngapa?

      Yésus bakal nyingkirké wong jahat pas Armagédon. (Wahyu 16:​14, 16) Wektu kuwi, ”wong sing jahat ora bakal ana manèh”. (Mazmur 37:10) Kabèh wong bakal ngrasa damai lan ora ana sing dijahati.​—Wacanen Yésaya 11:4.

      2. Piyé uripé manungsa sukmbèn?

      Sukmbèn, ”wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé”. (Mazmur 37:29) Kabèh apikan, sayang karo Yéhuwah, sayang karo wong liya, ora ana sing lara, lan urip saklawasé. Kuwi mesthi nyenengké banget.

      3. Bar wong jahat disingkirké, apa sing bakal kelakon?

      Bar wong jahat disingkirké, Yésus mréntah nganti 1.000 taun karo 144.000. Wektu kuwi, manungsa suwé-suwé dadi sampurna manèh. Bar 1.000 taun rampung, bumi dadi taman sing apik banget lan wong-wongé bahagia merga manut Yéhuwah. Terus, Yésus bakal nyerahké Kerajaané marang Yéhuwah. Akhiré, ’jeneng Yéhuwah disucèkké’. (Matius 6:​9, 10) Wong-wong bakal ngerti nèk Yéhuwah sing pantes mréntah. Terus, Sétan, hantu-hantuné, lan sapa waé sing nglawan Yéhuwah bakal disingkirké. (Wahyu 20:​7-​10) Berkah-berkah kuwi bakal ana nganti saklawasé.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug apa buktiné nèk kabèh berkah kuwi mesthi kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah.

      4. Pemerintahané manungsa bakal disingkirké

      ”Manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.” (Pengkhotbah 8:9) Liwat Kerajaané, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh wong sing marahi sengsara.

      Wacanen Danièl 2:​44 lan 2 Tésalonika 1:​6-8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Pemerintahané manungsa bakal diapakké karo Yéhuwah lan Yésus?

      • Ngapa kok njenengan yakin nèk Yéhuwah lan Yésus ya mesthi adil wektu ngukum manungsa sing jahat?

      Yésus mréntah bumi saka swarga.

      5. Yésus Raja sing paling apik

      Wong-wong sing dipréntah Yésus bakal éntuk akèh berkah. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti nèk Yésus ora mung péngin, tapi ya isa mbantu manungsa.

      VIDÉO: Bukti Nèk Berkah-Berkah Kerajaané Gusti Allah Mesthi Kelakon (1:​13)

      Wektu ing bumi, Yésus nggawé akèh mukjijat. Kuwi ya bakal kelakon pas Yésus dadi Raja sukmbèn. Endi sing paling menarik kanggo njenengan? Wacanen ayat-ayat sing isiné soal berkah-berkah kuwi.

      PAS ING BUMI, YÉSUS . . .

      PAS DADI RAJA ING SWARGA, YÉSUS BAKAL . . .

      • ngendhegké badai.​—Markus 4:​36-​41.

      • nggawé bumi dadi apik manèh.​—Yésaya 35:​1, 2.

      • mènèhi mangan wong akèh.​—Matius 14:​17-​21.

      • nyukupi kebutuhan pangan.​—Mazmur 72:16.

      • nambani wong lara.​—Lukas 18:​35-​43.

      • nggawé kabèh wong dadi séhat.​—Yésaya 33:24.

      • nguripké manèh wong mati.​—Lukas 8:​49-​55.

      • nggawé manungsa sampurna lan urip saklawasé.​—Wahyu 21:​3, 4.

      6. Bakal ana masa depan sing apik banget

      Sing dikarepké Yéhuwah bakal bener-bener kelakon liwat Kerajaané. Manungsa bakal urip saklawasé ing bumi. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti piyé carané sing dikarepké Yéhuwah isa kelakon liwat Yésus.

      VIDÉO: Masa Depan sing Apik Banget (4:​38)

      Wacanen Mazmur 145:​16, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah isa ”mènèhi kabèh sing dipéngini manungsa lan kéwan”?

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Kabèh masalah ing donya isa dirampungi bareng-bareng.”

      • Masalah apa sing isa dirampungi Kerajaané Gusti Allah tapi ora isa dirampungi pemerintahané manungsa?

      KESIMPULAN

      Sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané. Bumi bakal dadi apik banget lan dienggoni wong-wong sing nyembah Yéhuwah.

      Jawaben

      • Piyé jenengé Yéhuwah bakal disucèkké liwat Kerajaané Gusti Allah?

      • Apa buktiné nèk sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané?

      • Berkah endi sing paling njenengan tunggu-tunggu?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Armagédon kuwi apa?

      ”Armagédon Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

      Apa sing bakal kelakon selama peristiwa sing disebut Yésus ”sengsara gedhé”?—Matius 24:21.

      ”Sengsara Gedhé Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

      Deloken piyé sak keluarga isa mbayangké urip sing nyenengké sukmbèn.

      Bayangna Urip ing Pirdus (1:​50)

      Ana wong sing akhiré ngerti nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa mréntah manungsa. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Ana Akèh sing Marahi Aku Bingung”.

      ”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 Januari 2012)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim