-
Raja Utara ing Wekasaning JamanWarta Penting (Wulangan)—2020 | Mei
-
-
10. Piyé ramalan ing Dhanièl 11:25b, 26 akhiré isa kelakon?
10 Danièl ya ngramalké apa sing bakal kelakon marang Kekaisaran Jerman lan pasukan militèré. Ramalan kuwi kandha nèk raja utara ”ora bisa nanggulangi [utawa, bakal dikalahké], awit ana pangrencana kang katujokaké marang dhèwèké, lan wong-wong kang padha mangan tunggal saméja bakal ndadèkaké bilainé”. (Dn. 11:25b, 26a) Ing jamané Danièl, wong sing ”nyambut gawé” kanggo raja lan nduwé jabatan sing dhuwur kaya-kayané mangan sak méja karo raja merga wong-wong kuwi mangan panganan sing padha kaya ”dhaharané” raja. (Dn. 1:5) Dadi, wong-wong sing disebutké ing ramalané Danièl kuwi nggambarké wong-wong ing Kekaisaran Jerman sing cedhak karo raja, termasuk wong-wong sing nduwé jabatan, para jéndral, lan wong-wong liyané sing nduwé pangkat sing dhuwur. Wong-wong kuwi sing nyebabké Kekaisaran Jerman akhiré isa dikalahké.f Sakliyané kuwi, ramalané Danièl ya ngandhani apa sing bakal kelakon marang raja utara sakwisé perang karo raja selatan. Ramalan kuwi kandha, ”Wadya-balané bakal kentas sarta akèh wongé kang tiwas pinatènan.” (Dn. 11:26b) Kaya sing wis diramalké, pasukané Jerman akhiré isa dikalahké lan ana akèh wong sing mati ing Perang Donya I. Saking akèhé, wong-wong sing mati wektu kuwi jumlahé luwih akèh ketimbang wong-wong sing mati ing perang-perang sing tau kelakon sakdurungé.
-
-
Raja Utara ing Wekasaning JamanWarta Penting (Wulangan)—2020 | Mei
-
-
e Ing taun 1890, Raja Wilhelm II nyingkirké Bismarck saka Kekaisaran Jerman.
-