-
Raja Utara ing Wekasaning JamanWarta Penting (Wulangan)—2020 | Mei
-
-
13. Apa sing ditindakké raja utara ing taun 1930-an lan khususé pas Perang Donya II?
13 Ing taun 1930-an lan khususé pas Perang Donya II, raja utara bener-bener tumindak kejem marang umaté Yéhuwah. Wektu partai Nazi nguwasani Jerman, Hitler lan para pengikuté nglarang gawéan nginjil ing kono. Akibaté, ana kira-kira 1.500 Seksi Yéhuwah sing dipatèni lan ana éwonan sing dilebokké ing kamp konsèntrasi. Peristiwa-peristiwa kuwi wis diramalké karo Danièl wektu dhèwèké kandha nèk raja utara bakal ”gawé najising papan suci” lan ”nyuwak [utawa, nyingkirké] kurban dinan”, sing artiné raja utara bakal nglarang umaté Yéhuwah kanggo nginjil. (Dn. 11:30b, 31a) Malah, pemimpiné Jerman wektu kuwi, yaiku Hitler, ya kandha nèk dhèwèké bakal matèni kabèh Seksi Yéhuwah sing ana ing Jerman.
-
-
Raja Utara ing Wekasaning JamanWarta Penting (Wulangan)—2020 | Mei
-
-
MUNGSUH SING KERJA SAMA
17. Sapa sing dimaksud karo ”kang ora pantes kang ngrerusak”?
17 Senajan mungsuhan, ning raja utara lan raja selatan nganakké kerja sama wektu negara-negara kuwi mbentuk ”kang ora pantes kang ngrerusak”. (Dn. 11:31) Sing dimaksud ”kang ora pantes”, utawa perkara sing njijiki kuwi yaiku Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB).
18. Apa sebabé PBB cocog disebut ”kang ora pantes”?
18 PBB pancèn cocog disebut ”kang ora pantes” merga PBB ngaku-ngaku isa nggawé donya iki ayem tentrem. Padahal, mung Kratoné Gusti Allah sing isa nindakké kuwi. PBB ya cocog disebut ”kang ngrerusak” merga PBB kuwi sing bakal nyerang lan nyingkirké agama palsu.—Deloken tabél ”Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman”.
-