-
Serangan saka Sisih LorWarta Penting (Wulangan)—2020 | April
-
-
14. Kapan ramalan sing dicathet ing Yoèl 2:28, 29 kelakon?
14 Yoèl ora mung nyebutké soal berita penghukuman, ning ya nyampèkké kabar apik. Yoèl kandha nèk tanahé wong-wong Israèl bakal dadi subur manèh. (Yl. 2:23-26) Terus, ing masa depan, ana luwih akèh wulangan sing bener sing bakal ditampa karo akèh wong. Yéhuwah kandha, ”Ingsun bakal ngesokaké RohingSun marang manungsa kabèh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; . . . Dalah para baturira tukon lanang lan wadon, bakal padha Sunesoki RohingSun.” (Yl. 2:28, 29) Ayat kuwi ora langsung kelakon sakwisé wong-wong Israèl dibébaské saka Babilon. Ning, ayat kuwi kelakon kira-kira 600 taun sakwisé kuwi, yaiku pas dina Péntakosta taun 33 M. Apa buktiné?
15. Nurut Kisah Para Rasul 2:16, 17, Rasul Pétrus nggunakké kata-kata apa wektu ngutip Yoèl 2:28, lan kuwi mbuktèkké apa?
15 Kira-kira pas jam 9 ésuk ing dina Péntakosta, Yéhuwah mènèhi roh suciné lan wong-wong sing diurapi roh suci kuwi mulai nyritakké ”perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Gusti Allah”. (Kis. 2:11) Merga éntuk ilham, Rasul Pétrus isa njelaské nèk apa sing kelakon kuwi nggenepi ramalan sing ana ing Yoèl 2:28, 29. Ning, Rasul Pétrus nggunakké kata-kata sing rada béda wektu ngutip ramalané Nabi Yoèl. Apa njenengan ngerti bédané? (Wacanen Kisah Para Rasul 2:16, 17.) Wektu ngutip ramalané Yoèl kuwi, Rasul Pétrus ora nggunakké kata ”sawusé mangkono” lan malah nggunakké kata ”ing dina-dina pungkasan”. Rasul Pétrus nggunakké kata-kata kuwi merga Yéhuwah mènèhi roh suciné ”marang sakabèhé wong” ora suwé sakdurungé kutha Yérusalèm lan baité dihancurké. Iki dadi bukti nèk ramalané Yoèl ora langsung kelakon sakwisé ramalan kuwi disampèkké.
16. Apa hasilé merga Yéhuwah mènèhi roh suciné marang wong-wong Kristen ing jamané para rasul lan ing jaman saiki?
16 Sakwisé diwènèhi roh suci karo Yéhuwah, wong-wong Kristen ing jamané para rasul dadi luwih semangat nginjil. Hasilé, ana akèh wong sing ngrungokké kabar apik. Terus, wektu nulis surat kanggo wong-wong Kolose ing taun 61 M, Rasul Paulus kandha nèk kabar apik wis diwartakké marang ”kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit”. (Kol. 1:23) Wektu Paulus nyebutké ”kabèh ciptaan”, kuwi maksudé kabèh dhaérah sing wis tau ditekani karo Paulus lan murid-murid Yésus liyané. Saiki, Yéhuwah ya mènèhi roh suciné marang umaté. Hasilé, gawéan nginjil isa diwartakké ”nganti tekan pucuk-pucuké bumi”.—Kis. 13:47; deloken kothak ”Ingsun Bakal Ngesokaké RohingSun”.
-