-
”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
3. Kenapa wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl mesthiné ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu kali tenanan?
3 Wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl mesthi wis ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu kali tenanan. Mungkin wong-wong kuwi dadi kèlingan karo ramalané Nabi Yoèl sing ditulis luwih saka 200 taun sakdurungé. (Wacanen Yoèl 3:18.) Wektu maca ramalané Yoèl, wong-wong Yahudi ora mungkin mikir nèk bakal ana gunung tenanan sing ”nètèské anggur anyar” utawa bukit tenanan sing ana ’susuné akèh banget’. Yoèl ya nyebutké nèk bakal ana mata air sing ”ngalir saka omahé Yéhuwah”. Mesthiné kuwi ya dudu mata air tenanan. Mula, wong-wong Yahudi mesthiné ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya dudu kali tenanan.a Nèk ngono, wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi maksudé apa? Ayo dirembug bareng-bareng. Saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi, ana telu sing isa dipelajari, lan kuwi isa nguwatké awaké dhéwé.
-
-
Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka YehuwahIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
YOÈL 3:18 Ramalan iki nyritakké nèk ana mata air sing mili saka baité Yéhuwah menyang ”Lembah Syitim” sing gersang. Dadi, banyu sing didelok Yoèl lan Yèhèzkièl padha-padha mili saka baité Yéhuwah menyang dhaérah sing mauné ora seger, tapi akhiré dadi seger lan isa dienggoni makhluk hidup.
-