PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Dhèwèké Sinau Bèn Nduwé Welas Asih
    Tirunen Imané
    • 20 Yéhuwah ngajak Yunus mikir. Yéhuwah ngendika bab Yunus sing ngrasa sedhih mung merga tanduran sing thukulé sewengi terus mati, padhahal dudu Yunus sing nandur lan nukulké kuwi. Banjur, Yéhuwah ngendika, ”Apa iya Ingsun ora kudu ngéman marang Niniwé, kutha kang gedhé iku, kang pendhudhuké luwih saka satus rongpuluh éwu, kang durung weruh bédané tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kéwané luwih déning akèh iku?”​—Yn. 4:10, 11.c

      21. (a) Apa sebabé piwulang saka Yéhuwah kanggo Yunus apik banget? (b) Piyé critané Yunus mulang awaké dhéwé bèn jujur nliti sing ana ing njero ati?

      21 Piwulang saka Yéhuwah kanggo Yunus apik banget. Apa sebabé? Yunus ora tau ngopèni tanduran kuwi. Nanging Yéhuwah wis ngopèni wong Niniwé kaya Yéhuwah ngopèni kabèh sing digawé ing bumi. Merga Yéhuwah Sumber uripé pendhudhuk Niniwé. Mosok Yunus nganggep luwih aji tanduran siji kuwi, ketimbang nyawané 120.000 wong lan kéwan ingon-ingoné? Yunus isa kaya ngono merga terus mikirké kepentingané dhéwé. Nyatané, Yunus sedhih karo tanduran kuwi merga dhèwèké rumangsa wis diuntungké karo tanduran kuwi. Dadi, mesthi Yunus nesu karo wong Niniwé merga dhèwèké mung mikirké kepentingané dhéwé, yaiku bèn ora kisinan lan bèn omongané kebukti bener. Crita bab Yunus iki isa mbantu awaké dhéwé jujur nliti sing ana ing njero ati. Kabèh wong mesthi wis tau mung mikirké kepentingané dhéwé. Awaké dhéwé ngucap sokur marang Yéhuwah merga wis sabar mulang bèn awaké dhéwé mikirké wong liya, luwih apik ati, lan luwih welas asih kaya Yéhuwah.

  • Dhèwèké Sinau Bèn Nduwé Welas Asih
    Tirunen Imané
    • c Ngendikané Gusti Allah bab wong Niniwé sing ora isa mbédakké tangan tengen karo tangan kiwa kuwi, maksudé wong-wong Niniwé kaya bocah cilik, ora ngerti pathokan-pathokané Gusti Allah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim