-
Dhèwèké Sinau saka SalahéTirunen Imané
-
-
12. (a) Apa sebabé aja cepet-cepet nggawé kesimpulan bab Yunus sing turu wektu ana badai? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Piyé carané Yéhuwah nduduhké sapa sing nyebabké kedadéan kuwi?
12 Yunus ora ngerti kudu tumindak apa kanggo nulungi para pelaut kuwi. Yunus mudhun ing bagéan ngisor kapal kuwi kanggo turu. Yunus turu angler banget.b Kaptèn kapal marani Yunus terus nggugah, lan ngongkon Yunus ndonga marang allahé, kaya wong liyané. Merga yakin nèk asalé angin iki saka kekuwatan gaib, para pelaut kuwi mbuwang undhi bèn ngerti sapa sing nyebabké kedadéan kuwi. Yunus isa waé saya kuwatir merga wong-wong kuwi ora kena undhi. Sedhéla manèh sing saktenané bakal dingertèni. Yéhuwah nggawé undhi kuwi kena marang Yunus, lan nduduhké nèk Yéhuwah sing nekakké badai merga Yunus ora manut.—Wacanen Yunus 1:5-7.
-
-
Dhèwèké Sinau saka SalahéTirunen Imané
-
-
b Saking angleré Yunus, Septuaginta nambahi katrangan nèk Yunus nganti ngorok. Nanging, ketimbang nganggep nèk Yunus ora perduli, awaké dhéwé mungkin éling nèk pepénginan kanggo turu isa gedhé banget nèk wong lagi cilik ati. Pas Yésus ngalami kahanan sing angèl ing Taman Gètsémané, Pétrus, Yakobus, lan Yokanan ”padha turu, marga saka susahé”.—Lk. 22:45.
-