-
Dhèwèké Sinau saka SalahéTirunen Imané
-
-
18, 19. Apa sing dialami Yunus ing njero segara, makhluk laut apa sing dimaksud, lan sapa sing nyebabké kabèh kedadéan kuwi? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)
18 Nanging, mengko dhisik. Ana sing obah-obah cedhak kono, bentuké gedhé banget lan ireng, kuwi kéwan sing urip. Kéwan kuwi nyedhaki Yunus, lan saya cedhak, ngerti-ngerti cangkemé mangap amba banget, terus ngeleg Yunus.
”Saka panuntuning Yéhuwah nuli ana iwak gedhé kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus”
19 Yunus mesthi mikir dhèwèké bakal mati. Nanging, Yunus nggumun. Jebulé dhèwèké isih urip. Awaké ora remuk, prothol, utawa mati lemes. Yunus isih ambegan, padhahal dhèwèké ana ing panggonan sing isa waé dadi kuburané. Saya suwé, Yunus saya nggumun. Mesthi Yéhuwah sing nyebabké ”ana iwak gedhé kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus”.c—Yn. 1:17.
20. Apa sing isa disinaoni bab Yunus saka dongané wektu ing njero iwak gedhé?
20 Ora krasa, Yunus wis suwé ana ing panggonan sing peteng ndhedhet lan asing kuwi. Ing kono, Yunus mikir tenanan lan ndonga marang Yéhuwah. Dongané Yunus sing dicathet ing kitab Yunus bab loro isa mulang awaké dhéwé. Donga kuwi nduduhké nèk Yunus nduwé pangertèn sing akèh saka Kitab Suci, merga donga kuwi kerep nyuplik kitab Jabur. Donga kuwi uga nduduhké sipat sing nentremké ati, yaiku rasa sokur. Yunus nyimpulké, ”Kawula badhé nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi [utawa, janji] kawula, badhé kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yéhuwah!”—Yn. 2:9.
21. Bab kaslametan, Yunus éntuk piwulang apa, lan apa sing kudu awaké dhéwé éling-éling?
21 ”Ing sajroning wetengé iwak”, Yunus éntuk piwulang nèk Yéhuwah isa nylametké sapa waé, ing ngendi waé, lan kapan waé. Malah senajan ing kono, Yéhuwah nemokké lan nylametké abdiné sing lagi susah. (Yn. 1:17) Mung Yéhuwah sing isa nggawé wong isa tetep urip lan séhat suwéné telung dina telung wengi ing njero wetengé iwak. Awaké dhéwé saiki kudu éling nèk Yéhuwah ”Gusti Allah, ingkang ngregem [utawa, nggegem] napas dalem”. (Dn. 5:23) Awaké dhéwé nduwé utang marang Yéhuwah merga isa ambegan lan urip ing donya iki. Apa awaké dhéwé ngucap sokur marang Yéhuwah? Nèk iya, awaké dhéwé mesthi bakal manut karo préntah-préntahé.
22, 23. (a) Piyé rasa sokuré Yunus diuji? (b) Apa sing isa disinaoni saka Yunus nèk awaké dhéwé nggawé salah?
22 Nèk Yunus piyé? Apa dhèwèké ya bakal nduduhké rasa sokuré nganggo cara manut marang préntahé Yéhuwah? Sakwisé telung dina telung wengi, iwak gedhé mau nggawa Yunus ing pantai lan ’ngwutahaké menyang ing dharatan’. (Yn. 2:10) Bayangna, Yéhuwah mbantu Yunus bèn ora perlu renang menyang pantai. Senajan ngono, Yunus tetep kudu ngupaya nggolèk dalan dhéwé kanggo metu saka pantai kuwi. Sakwisé kuwi, rasa sokuré Yunus marang Yéhuwah diuji. Yunus 3:1, 2, kandha, ”Nabi Yunus banjur kapangandikanan déning Pangéran Yéhuwah kang kaping pindhoné: Mangkata, menyanga ing Niniwé, kutha kang gedhé iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingaké marang sira.” Apa sing bakal ditindakké Yunus?
-
-
Dhèwèké Sinau saka SalahéTirunen Imané
-
-
c Tembung Ibrani ”iwak”, diterjemahké ing basa Yunani dadi ”makhluk laut raksasa” utawa ”iwak raksasa”. Senajan awaké dhéwé ora isa nemtokké makhluk laut sing dimaksud kuwi apa, nanging miturut pengamatan ana hiu-hiu ing Laut Tengah sing isa langsung ngeleg manungsa. Ing panggonan liya, ana hiu-hiu sing luwih gedhé. Hiu paus dawané isa nganti 15 mèter, malah isa luwih dawa manèh.
-