PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa Pengaruhé Wahyu sing Ditampa Zakharia kanggo Panjenengan?
    Warta Penting (Wulangan)—2017 | Oktober
    • 16. (a) Wadhah sing didelok Zakharia mau diapakké? (Deloken gambar ing kaca 15 nomer 3.) (b) Wong wédok loro mau nggawa wadhahé menyang ngendi?

      16 Sakbanjuré, Zakharia ndelok wong wédok loro sing nduwé swiwi kaya manuk cangak [bangau]. (Wacanen Zakharia 5:9-11.) Wong wédok loro kuwi béda banget karo wong wédok sing ana ning njero wadhah mau. Wong wédok loro sing nduwé swiwi sing kuwat mau ngangkut wadhah sing isiné ’Kadursilan’ lan digawa lunga menyang ”tanah Sinear” utawa Babil. Apa sebabé digawa mrana?

      17, 18. (a) Apa sebabé Babil cocog dadi ”omah” kanggo ’Kadursilan’? (b) Apa tékad panjenengan?

      17 Bangsa Israèl ing jamané Zakharia mesthi ngerti apa sebabé ’Kadursilan’ cocog digawa menyang Babil. Babil kuwi kutha sing bejat lan kebak tumindak amoral sarta ibadah palsu. Wektu manggon ing kono, Zakharia lan wong-wong Israèl ngupaya tenanan kanggo nolak pengaruh sing ala saka bangsa kafir. Mula, wahyu iki njamin nèk Yéhuwah bakal njaga ibadah sing sejati tetep murni.

      18 Wahyu kuwi uga ngélingké bangsa Israèl nèk kudu ngupaya njaga ibadahé tetep murni. Bab-bab sing ala ora éntuk ana ing antarané umaté Yéhuwah. Saiki, Yéhuwah wis nglumpukké kita kabèh ing pakumpulané sing murni. Ing kono, kita isa ngrasakké katresnané lan pangayomané. Kita kabèh nduwé tanggung jawab kanggo njaga ibadah tetep murni lan nyingkirké bab-bab sing ala.

  • Apa Pengaruhé Wahyu sing Ditampa Zakharia kanggo Panjenengan?
    Warta Penting (Wulangan)—2017 | Oktober
    • KATRANGAN TEMBUNG

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim