PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Aku Péngin Mèlu Kowé
    Warta Penting (Wulangan)—2016 | Januari
    • 1, 2. (a) Yéhuwah ngramalké apa bab jaman saiki? (b) Pitakonan apa sing arep dijawab ing wulangan iki? (Deloken gambar dhuwur.)

      YÉHUWAH kandha nèk jaman saiki ”ana wong sapuluh panunggalané para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondhèli pojoking jubahé wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhé tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil déning Gusti Allah!” (Za. 8:23) Wong ”Yahudi” nggambarké wong-wong sing dipilih nganggo roh suci. Wong-wong kuwi uga disebut ”Israèl kagungané Gusti Allah”. (Gl. 6:16) ”Wong sepuluh” nggambarké wong-wong sing bakal urip saklawasé ing bumi. Wong-wong kuwi ngerti nèk Yéhuwah mberkahi kelompok wong sing dipilih munggah swarga mau, mula rumangsa éntuk kaurmatan nèk mèlu ngibadah bareng.

  • Aku Péngin Mèlu Kowé
    Warta Penting (Wulangan)—2016 | Januari
    • 4. Nèk ora isa ngerti jeneng-jenengé wong sing dipilih munggah swarga, lha piyé carané awaké dhéwé isa ngetutké wong-wong kuwi?

      4 Nèk ora isa ngerti jeneng-jenengé wong sing dipilih munggah swarga, sing saiki isih ana ing bumi, lha piyé carané wedhus liyané isa ngetutké wong-wong kuwi? Alkitab kandha nèk ”wong sepuluh” bakal ”nggondhèli pojoking jubahé wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhé tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil déning Gusti Allah!” Alkitab nyebutké nèk ana wong Yahudi siji. Ning, tembung ”panjenengan” lan ”panjenengan sami” kuwi maksudé luwih saka wong siji. Kuwi nggambarké kelompok wong sing dipilih munggah swarga. Wedhus liyané isa nitèni kelompok kuwi, dadi isa mèlu ngibadah bareng marang Yéhuwah. Ora perlu ngerti jenengé saben wong ing kelompok kuwi lan ora ngetutké salah sijiné. Kaya kandhané Alkitab, awaké dhéwé kudu manut mung karo Yésus, sing dadi Pemimpin.​—Mt. 23:10.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim