PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Disiapké kanggo Nginjil Senajan Ditentang
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Sakdurungé ngutus para rasul sak pasang-sak pasang, Yésus mènèhi arahan sing cetha bab carané nginjil. Sakliyané kuwi, kanthi apikan Yésus uga ngélikké murid-muridé bab para penentang, ”Padha gatèkna! Aku ngutus kowé kaya wedhus gèmbèl ing antarané serigala . . . Waspadaa, merga wong-wong bakal nggawa kowé menyang pengadilan lan mecuti kowé ing sinagogé-sinagogé. Kowé bakal digawa menyang ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku.”​—Matius 10:16-18.

  • Disiapké kanggo Nginjil Senajan Ditentang
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Iki bener-bener arahan, pangéling-éling, lan omongan sing nguwatké saka Yésus kanggo 12 rasulé. Nanging, ora mung kanggo para rasul waé, kuwi uga kanggo kabèh wong sing martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Kita isa ngerti merga Yésus kandha nèk murid-muridé bakal ”disengiti kabèh wong”, ora mung wong-wong ing jaman kuwi sing ditemoni para rasul wektu nginjil. Apa manèh, kita uga ora tau maca nèk para rasul digawa menyang ngarepé gubernur lan raja wektu nginjil ing Galiléa. Para rasul uga ora tau diserahké keluargané kanggo dipatèni.

      Wektu ngomongké bab iki marang para rasulé, cetha nèk Yésus ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn. Wektu kandha nèk para rasulé ora bakal rampung marani kabèh kutha ”nganti Putrané manungsa teka”, Yésus nduduhké nèk para rasulé ora bakal rampung martakké bab Kratoné Allah sakdurungé Raja Yésus Kristus sing mulya teka dadi hakim sing dilantik Gusti Allah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim