-
Disiapké kanggo Nginjil Senajan DitentangYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Para pengikuté Yésus isa waé dianiaya kanthi kejem, nanging Yésus janji, ”Nèk kuwi kelakon, aja kuwatir bab apa sing kudu kok omongké utawa piyé carané ngomong. Merga ing wektu kuwi uga, kowé bakal ngerti apa sing kudu kok omongké. Merga sing ngomong dudu kowé, nanging kuwasa saka Bapakmu sing mbantu kowé ngomong.” Yésus kandha, ”Wong bakal masrahké seduluré kandhung utawa anaké dhéwé kanggo dipatèni. Anak bakal mbrontak marang wong tuwané lan masrahké wong tuwané kanggo dipatèni. Lan kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku. Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké.”—Matius 10:19-22.
-
-
Disiapké kanggo Nginjil Senajan DitentangYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Iki bener-bener arahan, pangéling-éling, lan omongan sing nguwatké saka Yésus kanggo 12 rasulé. Nanging, ora mung kanggo para rasul waé, kuwi uga kanggo kabèh wong sing martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Kita isa ngerti merga Yésus kandha nèk murid-muridé bakal ”disengiti kabèh wong”, ora mung wong-wong ing jaman kuwi sing ditemoni para rasul wektu nginjil. Apa manèh, kita uga ora tau maca nèk para rasul digawa menyang ngarepé gubernur lan raja wektu nginjil ing Galiléa. Para rasul uga ora tau diserahké keluargané kanggo dipatèni.
Wektu ngomongké bab iki marang para rasulé, cetha nèk Yésus ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn. Wektu kandha nèk para rasulé ora bakal rampung marani kabèh kutha ”nganti Putrané manungsa teka”, Yésus nduduhké nèk para rasulé ora bakal rampung martakké bab Kratoné Allah sakdurungé Raja Yésus Kristus sing mulya teka dadi hakim sing dilantik Gusti Allah.
-