-
Disiapké kanggo Nginjil Senajan DitentangYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Merga gawéan nginjil iki penting banget, Yésus njelaské nèk para pengikuté kudu wicaksana supaya isa terus bébas nindakké gawéan iki. Yésus kandha, ”Nèk kowé dianiaya ing salah sijiné kutha, lungaa menyang kutha liyané. Saktenané aku kandha, kowé ora bakal rampung marani kabèh kutha ing Israèl nganti Putrané manungsa teka.”—Matius 10:23.
-
-
Disiapké kanggo Nginjil Senajan DitentangYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Wektu ngomongké bab iki marang para rasulé, cetha nèk Yésus ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn. Wektu kandha nèk para rasulé ora bakal rampung marani kabèh kutha ”nganti Putrané manungsa teka”, Yésus nduduhké nèk para rasulé ora bakal rampung martakké bab Kratoné Allah sakdurungé Raja Yésus Kristus sing mulya teka dadi hakim sing dilantik Gusti Allah.
-