PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ora Ragu-Ragu lan Nduwé Iman sing Kuwat karo Yésus
    Warta Penting (Wulangan)—2021 | Mei
    • 3 Yésus ngerti nèk bakal ana akèh wong sing ora percaya nèk dhèwèké kuwi Mésias. (Yoh. 5:39-44) Mula, Yésus ngomong karo murid-muridé Yohanes Pembaptis, ”Wong sing ora ragu-ragu karo aku kuwi wong sing bahagia.” (Mat. 11:2, 3, 6) Terus, kenapa akèh wong wektu kuwi nolak Yésus?

  • Ora Ragu-Ragu lan Nduwé Iman sing Kuwat karo Yésus
    Warta Penting (Wulangan)—2021 | Mei
    • (1) ASAL USULÉ YÉSUS

      Filipus ngejak Natanaèl nemoni Yésus sing lagi lungguh ing cedhak kono.

      Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga asal usulé Yésus. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 5)b

      5. Kenapa ana wong-wong sing ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias?

      5 Akèh sing ora gelem percaya karo Yésus merga ngerti asal usulé Yésus. Pancèn, wong-wong kuwi ngerti nèk Yésus guru sing pinter mulang lan isa nggawé mukjijat. Ning kanggoné wong-wong kuwi, Yésus mung anaké tukang kayu sing miskin. Apa manèh, Yésus asalé saka Nazarèt, kutha sing dianggep ora penting. Malah, sakdurungé dadi muridé Yésus, Natanaèl tau kandha, ”Saka Nazarèt kuwi apa ana sing apik?” (Yoh. 1:46) Natanaèl ngomong kaya ngono mungkin merga ora seneng karo kutha Nazarèt. Sakliyané kuwi, Natanaèl mungkin kèlingan karo ramalan ing Mikha 5:2, sing nyebutké nèk Mésias bakal lair ing Bètlehèm, dudu ing Nazarèt.

      6. Piyé carané bèn wong-wong ing jamané Yésus ngerti nèk Yésus kuwi Mésias?

      6 Kandhané Kitab Suci. Nabi Yésaya ngramalké nèk wong-wong sing ora seneng karo Yésus bakal ora mikirké ”asal usulé” Yésus. (Yés. 53:8) Padahal, nèk wong-wong kuwi gelem mbandhingké asal-usulé Yésus karo ramalan-ramalan soal Mésias, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Yésus keturunané Raja Daud. (Luk. 2:4-7) Wong-wong kuwi ya bakal ngerti nèk Yésus lair ing Bètlehèm, persis kaya ramalan ing Mikha 5:2. Ning, merga ora gelem nggolèk informasi sing lengkap, wong-wong kuwi akhiré nggawé kesimpulan sing klèru soal Yésus. Akibaté, wong-wong kuwi ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias.

  • Ora Ragu-Ragu lan Nduwé Iman sing Kuwat karo Yésus
    Warta Penting (Wulangan)—2021 | Mei
    • (2) YÉSUS ORA GELEM NDUDUHKÉ TANDHA

      Yésus mulang wong akèh.

      Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ora gelem nduduhké tandha. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 9-10)c

      9. Piyé tanggepané wong-wong merga Yésus ora gelem nduduhké tandha saka swarga?

      9 Senajan Yésus pinter mulang, ning isih ana wong-wong sing ora percaya nèk dhèwèké kuwi Mésias. Wong-wong kuwi njaluk Yésus nduduhké ”tandha saka swarga” kanggo mbuktèkké nèk dhèwèké kuwi pancèn diutus Gusti Allah. (Mat. 16:1) Wong-wong kuwi njaluk kaya ngono mungkin merga maca ramalan ing Danièl 7:13, 14. Padahal, ramalan kuwi kelakoné dudu pas jamané Yésus. Sakjané, sing diwulangké Yésus wis cukup kanggo mbuktèkké nèk Yésus kuwi Mésias. Ning, merga kepénginané ora dituruti, wong-wong kuwi ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias.​—Mat. 16:4.

      10. Apa buktiné nèk ramalané Nabi Yésaya kelakon?

      10 Kandhané Kitab Suci. Nabi Yésaya ngramalké soal Mésias, ”Dhèwèké ora bakal mbengok utawa ngomong sing banter. Swarané ora bakal tekan dalan.” (Yés. 42:1, 2) Kaya ramalané Nabi Yésaya kuwi, Yésus ora ngupaya dadi wong sing terkenal. Yésus ora mbangun panggonan ibadah sing megah, ora nganggo klambi khusus sing biasané dienggo pemimpin agama, lan ora gelem nggunakké gelar-gelar khusus. Pas lagi diadili, Yésus ya ora gelem nuruti Hérodès sing péngin banget ndelok mukjijaté Yésus. Padahal, Yésus ngerti nèk dhèwèké arep dihukum mati. (Luk. 23:8-11) Yésus tau kandha karo murid-muridé nèk ”tujuané [dhèwèké] teka” kuwi kanggo martakké kabar apik. Dadi, senajan isa nggawé mukjijat, ning kanggoné Yésus sing paling penting kuwi martakké kabar apik.​—Mrk. 1:38.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim