-
Ora Ragu-Ragu lan Nduwé Iman sing Kuwat karo YésusWarta Penting (Wulangan)—2021 | Mei
-
-
(3) YÉSUS ORA MÈLU-MÈLU TRADHISINÉ WONG YAHUDI
Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ora mèlu-mèlu tradhisiné wong Yahudi. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 13)d
13. Kenapa akèh wong ora seneng karo Yésus?
13 Mbiyèn, murid-muridé Yohanes Pembaptis nggumun kenapa murid-muridé Yésus ora pasa. Yésus kandha nèk murid-muridé ora perlu pasa merga Yésus isih bareng karo murid-muridé kuwi. (Mat. 9:14-17) Yésus pancèn wis njelaské kenapa murid-muridé ora perlu pasa. Ning, merga Yésus ora mèlu-mèlu tradhisiné wong Yahudi, wong Farisi lan sing liyané tetep ora seneng karo Yésus. Misalé, wong-wong kuwi nesu pas Yésus marèkké wong lara ing dina Sabat. (Mrk. 3:1-6; Yoh. 9:16) Wong-wong kuwi pancèn nganggep nèk dina Sabat suci. Ning, wong-wong kuwi ngijinké wong-wong dodolan ing bait. Terus pas Yésus ngandhani sing bener, wong-wong kuwi malah nesu. (Mat. 21:12, 13, 15) Sakliyané kuwi, wong-wong ing sinagogé ing Nazarèt ya tau nesu karo Yésus. Wong-wong kuwi ora seneng merga Yésus nyritakké peristiwa sing kelakon ing Israèl jaman mbiyèn kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi ora nduwé iman lan mung mikirké kepentingané dhéwé. (Luk. 4:16, 25-30) Akèh wong ora seneng karo Yésus merga apa sing ditindakké Yésus ora sesuai karo kepénginané wong-wong kuwi.—Mat. 11:16-19.
14. Kenapa Yésus ora seneng karo tradhisi sing ora sesuai karo Kitab Suci?
14 Kandhané Kitab Suci. Yéhuwah ngomong liwat Nabi Yésaya, ”Umat iki kandha nèk ngibadah marang Aku lan kandha nèk ngajèni Aku, tapi kuwi ora tenanan saka atiné. Wong-wong kuwi wedi marang Aku mung merga manut préntahé manungsa.” (Yés. 29:13) Yésus wis nggawé keputusan sing bener merga ora seneng karo tradhisi sing ora sesuai karo Kitab Suci. Wong-wong sing nganggep nèk aturan lan tradhisi sing digawé manungsa kuwi luwih penting timbang Kitab Suci sakjané ora ngajèni Yéhuwah lan Yésus sing wis diutus dadi Mésias.
-
-
Ora Ragu-Ragu lan Nduwé Iman sing Kuwat karo YésusWarta Penting (Wulangan)—2021 | Mei
-
-
(4) YÉSUS ORA MÈLU-MÈLU URUSAN POLITIK
Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ora mèlu-mèlu urusan politik. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 17)e
17. Kenapa akèh wong Yahudi nolak Yésus?
17 Pas jamané Yésus, ana wong-wong sing ora seneng karo pamréntahan Romawi. Wong-wong kuwi mikir nèk Mésias bakal langsung mbébaské wong Yahudi saka pamréntahan Romawi. Mula, wong-wong kuwi péngin ndadèkké Yésus raja. Ning, Yésus ora gelem. (Yoh. 6:14, 15) Ora kaya wong-wong sing péngin ndadèkké Yésus raja, para pemimpin agama Yahudi kuwatir nèk Yésus ngojok-ojoki wong Yahudi nglawan pamréntahan Romawi. Para pemimpin agama kuwi wedi nèk wong Romawi nesu lan akhiré ora gelem mènèhi wewenang manèh marang para pemimpin agama kuwi. Merga seneng mèlu-mèlu urusan politik, akhiré akèh wong Yahudi sing nolak Yésus.
18. Ramalan-ramalan apa soal Mésias sing ora digatèkké karo wong Yahudi?
18 Kandhané Kitab Suci. Pancèn, ana akèh ramalan sing nyebutké nèk Mésias bakal ngalahké mungsuh-mungsuhé. Ning, sakjané ana ramalan-ramalan liyané sing nduduhké nèk Mésias ora bakal langsung ngrampungi masalahé wong Yahudi wektu kuwi. Misalé, ana ramalan sing nyebutké nèk Mésias kudu mati dhisik bèn isa nebus manungsa. (Yés. 53:9, 12) Merga ora nggatèkké ramalan-ramalan kuwi, akibaté akèh wong Yahudi nduwé pandhangan sing klèru soal Mésias.—Yoh. 6:26, 27.
-