PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing Kudu Mbok Sembah”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 3, 4. (a) Wektu mulai nggodha Yésus, Sétan ngomong apa, lan sakjané maksudé Sétan kuwi apa? (b) Piyé carané Sétan nggodha awaké dhéwé?

      3 Wacanen Matius 4:1-7. Wektu mulai nggodha Yésus, Sétan ngomong, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah.” Kata-kata kuwi diucapké Sétan ing godhaan sing pertama lan keloro. Apa kuwi berarti Sétan ora percaya nèk Yésus kuwi anaké Gusti Allah? Ora ngono. Sakdurungé mbrontak, Sétan kuwi anaké Gusti Allah. Dadi, dhèwèké mesthi ngerti nèk Yésus kuwi anaké Gusti Allah sing pertama. (Kol. 1:15) Sétan mesthi ya ngerti nèk pas Yésus dibaptis, Yéhuwah ngomong ngéné saka swarga, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.” (Mat. 3:17) Sétan mungkin péngin bèn Yésus ora yakin nèk Bapaké kuwi bener-bener perduli karo dhèwèké lan isa dipercaya. Misalé, wektu Sétan ngongkon Yésus ngubah watu dadi roti, kuwi sakjané maksudé kaya ngéné, ’Kowé kan anaké Gusti Allah, ning kok Bapakmu ora mènèhi apa-apa bèn isa mbok pangan ing padhang belantara iki?’ Terus, wektu Sétan ngongkon Yésus anjlog saka ndhuwur bait, kuwi sakjané maksudé kaya ngéné, ’Kowé kan anaké Gusti Allah, mosok kowé ora percaya nèk Bapakmu bakal nglindhungi kowé?’

  • ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing Kudu Mbok Sembah”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 5. Piyé carané Yésus nolak godhaané Sétan sing pertama lan keloro?

      5 Awaké dhéwé isa niru carané Yésus nolak godhaané Sétan sing pertama lan keloro. Yésus yakin nèk Bapaké bener-bener sayang karo dhèwèké. Yésus ya percaya banget karo Bapaké. Buktiné, Yésus langsung nolak godhaané Sétan lan ngutip kata-katané Bapaké. Yésus ngutip ayat-ayat sing ana jenengé Yéhuwah. (PT. 6:16; 8:3) Arti jenengé Yéhuwah nduduhké nèk Gusti Allah mesthi bakal nepati kabèh janjiné. Dadi, wektu Yésus nggunakké jenengé Bapaké, kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké percaya banget karo Bapaké.a

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim