-
”Aku Bakal Nggawé Kabèh Wong Kuwi Bersatu”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
11 Nganti atusan taun, pengaruhé gréja-gréja sing ngaku Kristen kuwat banget. Tapi tetep ana wong-wong Kristen sing bener, sing kaya ”gandum”. Kaya wong Yahudi sing ditawan sing disebutké ing Yèhèzkièl 6:9, wong-wong kuwi ora lali karo Gusti Allah. Ana sing ora setuju karo ajarané gréja. Akibaté, wong-wong kuwi diécé lan dianiaya. Apa Yéhuwah meneng waé ndelok keadaané kaya ngono? Ora. Kaya pas urusan karo wong Israèl jaman mbiyèn, Yéhuwah ora nesu terus. (Yér. 46:28) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya ngandhani nèk ana harapan kanggo umaté. Saiki ayo mbahas soal harapan saka Yéhuwah sing bakal mbébaské wong-wong Yahudi sing ditawan ing Babilon.
Wis atusan taun, wong-wong Kristen sing bener dianiaya karo wong-wong sing mèlu agama palsu (Deloken paragraf 10, 11)
-