PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Umpama-Umpama bab Kratoné Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Wong lanang sing nemokké harta karun sing kependhem ing ladhang
      Pedagang nemokké mutiara sing aji banget

      Yésus banjur mberkahi para muridé nganggo telung umpama manèh. Kapisan, Yésus kandha, ”Kraton swarga kuwi kaya harta karun sing kependhem ing ladhang. Banjur ditemokké wong lan dipendhem manèh. Merga saking senengé, dhèwèké lunga lan ngedol kabèh barang sing diduwèni, banjur ladhang mau dituku.”​—Matius 13:44.

  • Umpama-Umpama bab Kratoné Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Nganggo rong umpama kuwi, Yésus nduduhké bab sipat lila kanggo nggawé pangurbanan supaya isa éntuk perkara sing aji. Pedagang kuwi langsung ngedol ”kabèh sing diduwèni” kanggo éntuk mutiara sing aji banget. Wong lanang sing nemokké harta karun sing kependhem ing ladhang uga ”ngedol kabèh barang sing diduwèni” supaya éntuk harta kuwi. Wong-wong kuwi ngedol kabèh sing diduwèni supaya isa éntuk bab sing aji banget. Iki isa dipadhakké kaya pangurbanané wong supaya isa luwih cedhak karo Gusti Allah. (Matius 5:3) Sapérangan wong sing ngrungokké Yésus wis nindakké kuwi. Wong-wong kuwi wis nggawé pangurbanan sing gedhé supaya isa luwih cedhak karo Gusti Allah lan dadi pengikuté Yésus sing sejati.​—Matius 4:19, 20; 19:27.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim