-
Sang Raja Nggawé Murni Umaté ing bab RohaniKratoné Allah Wis Mréntah
-
-
Jala nggambarké gawéan martakké Injil bab Kratoné Allah ing antarané akèh manungsa sing diumpamakké kaya segara (Deloken paragraf 18)
18 Nguncalké ”krakad [utawa, jala] . . . ing sagara”. Jala nggambarké gawéan martakké Injil bab Kratoné Allah ing antarané akèh manungsa sing diumpamakké kaya segara. ”Ngumpulaké iwak warna-warna.” Kabar apik nggawé wong sing werna-werna dadi kesengsem. Ana ing antarané wong-wong kuwi sing akiré dadi wong Kristen sejati. Ning, ana uga sing mauné nampa wulangan sing bener terus akiré ora ndhukung ibadah sejati.e Nglumpukké ”iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi”. Wong-wong sing tulus atiné diklumpukké ing jemaat Kristen sing diumpamakké kaya wadhah. Ing jemaat, wong-wong kuwi ngibadah marang Yéhuwah nganggo cara sing suci. Mbuwang ”iwak kang ora becik.” Ing dina pungkasan iki, Yésus lan para malaékaté ”misahaké para wong kang ala saka tengahé para wong mursid”.f Hasilé, wong sing ora tulus atiné utawa sing ora lila ninggalké kapercayan lan kebiyasaan sing salah, ora dijarké nggawé jemaat dadi najis.g
-
-
Sang Raja Nggawé Murni Umaté ing bab RohaniKratoné Allah Wis Mréntah
-
-
f Gawéan misahké iwak sing ora apik saka iwak sing apik, béda karo misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa. (Mt. 25:31-46) Pengadilan kanggo misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa, kelakoné pas sengsara gedhé sukmbèn. Sakdurungé sengsara gedhé, wong sing kaya iwak sing ora apik isa waé akiré dadi abdiné Yéhuwah, lan diklumpukké ing jemaat sing diumpamakké kaya wadhah.—Ml. 3:7.
-