PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Dhèwèké Setya Ngadhepi Akèh Ujian
    Tirunen Imané
    • Tetep Setya Wektu Dinaséhati

      11. Critakna perjalanané Yésus lan para muridé. (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

      11 Ora suwé sakwisé dina-dina sing sibuk kuwi, Yésus ngejak para rasul lan murid-muridé lunga menyang panggonan sing adoh banget ing arah lor saka pantai Laut Galiléa. Saka Laut Galiléa, sok-sok kétok puncak Gunung Hèrmon sing ditutupi salju, ing wates paling lor Tanah Prajanjian. Ing sisih kidulé ana Tanah Prajanjian. Wektu rombongan kuwi saya cedhak, gunung kuwi kétok saya dhuwur banget. Rombongan kuwi ngliwati dalan sing munggah, ing désa-désa sakcedhaké Kaisaréa Filipi.b Saka panggonan kuwi, pemandhangané apik banget. Lan ing kono, Yésus mènèhi pitakonan sing penting.

      12, 13. (a) Apa sebabé Yésus péngin ngerti kesimpulané wong-wong bab dhèwèké? (b) Saka jawabané, piyé Pétrus nduduhké nèk nduwé iman sejati?

      12 Yésus takon karo para muridé, ”Wong akèh iku padha ngarani Aku iki sapa?” Bayangna Pétrus sing ndeloki mripaté Yésus, lan ngrasakké manèh sipat apik atiné Yésus uga kapinterané sing nggumunké. Yésus kepéngin ngerti kesimpulané wong-wong bab dhèwèké saka apa sing wis didelok lan dirungokké wong-wong kuwi. Para muridé njawab pitakonané Yésus, lan nyebutké pandhangan umum sing klèru bab Yésus. Nanging, Yésus péngin ngerti luwih akèh. Apa para muridé sing nduwé hubungan cedhak karo Yésus ya nduwé pandhangan sing klèru kaya ngono? Yésus takon, ”Lah, yèn kowé, Aku iki kokarani sapa?”​—Lk. 9:18-20.

  • Dhèwèké Setya Ngadhepi Akèh Ujian
    Tirunen Imané
    • b Saka pantai Laut Galiléa, kelompok kuwi nglakoni perjalanan sing adohé 50 kilomèter. Perjalanané mulai saka dhaérah sing panggonané kira-kira 210 mèter dibawah permukaan laut nganti kira-kira 350 mèter diatas permukaan laut. Pemandhangan ing dhaérah kuwi apik banget.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim