PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wahyu sing Nduduhké Kamulyané Kristus
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Wektu mulang wong-wong ing dhaérah Kaisaréa Filipi, sing adohé kira-kira 25 kilomèter saka Gunung Hèrmon, Yésus ngomongké bab sing ngagètké para rasulé. Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Putrané manungsa teka ing Kratoné.”​—Matius 16:28.

      Para murid mesthi penasaran karo maksud omongané Yésus kuwi. Kira-kira seminggu sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes menyang gunung sing dhuwur. Kayané wektu kuwi wis bengi banget, merga rasul telu mau ngantuk. Wektu Yésus lagi ndonga, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus mancarké sinar kaya srengéngé, lan klambi njabané dadi padhang njingglang.

  • Wahyu sing Nduduhké Kamulyané Kristus
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Yésus lan rasul telu mau mesthi dikuwatké banget. Wahyu kuwi nduduhké gambaran kamulyané Kristus wektu dadi Raja ing Kratoné Allah. Dadi, kaya janjiné Yésus, rasul-rasul kuwi ndelok ”Putrané manungsa teka ing Kratoné”. (Matius 16:28) Wektu ing gunung, rasul telu mau ’ndelok dhéwé kamulyané [Kristus] nganggo mripaté’. Senajan wong Farisi njaluk tandha sing mbuktèkké nèk Yésus kuwi Raja sing dipilih Gusti Allah, Yésus ora mènèhi tandha kuwi. Kuwi mung diwènèhké marang rasul-rasul sing paling cedhak karo Yésus. Wahyu kuwi nggawé rasul telu mau yakin nèk kabèh ramalan bab Kratoné Allah mesthi kelakon. Pétrus akiré nulis, ”Aku kabèh saya yakin karo tembung-tembung ramalan.”​—2 Pétrus 1:16-19.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim