-
Umpama bab Buruh sing Kerja ing Kebon AnggurYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
”Kraton swarga kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur. Wektu isih ésuk banget, dhèwèké lunga nggolèk buruh kanggo kerja ing kebon angguré. Sakwisé para buruh kuwi setuju dibayar sak dinar sedina, dhèwèké ngongkon para buruh kuwi lunga menyang kebon angguré. Wektu kira-kira jam sanga ésuk, dhèwèké lunga manèh lan ndelok ana wong-wong sing nganggur ing pasar. Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku, lan kowé bakal tak wènèhi opah sing pantes.’ Wong-wong kuwi banjur mangkat. Kira-kira jam 12 awan lan jam 3 soré, dhèwèké lunga manèh kanggo nggolèk buruh liyané. Akiré, wektu kira-kira jam lima soré, dhèwèké lunga lan ketemu karo wong-wong sing lagi ngadeg lan ora nindakké apa-apa. Dhèwèké takon, ’Ngapa kowé mung ngadeg waé sedina muput lan ora kerja?’ Wong-wong kuwi njawab, ’Merga ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.’ Dhèwèké kandha, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku.’”—Matius 20:1-7.

Miturut para imam lan pemimpin agama liyané, wong-wong Yahudi biasa ora sregep nindakké pelayanan marang Gusti Allah kaya wong-wong kuwi. Ing umpama iki, wong Yahudi kuwi digambarké kaya wong sing kerjané ora sedina muput, nanging lagi mulai kerja kira-kira jam 9 ésuk, jam 12 awan, jam 3 soré, lan jam 5 soré.
Para pengikuté Yésus dianggep ”wong-wong sing kena kutuk”. (Yohanes 7:49) Sakdurungé dadi muridé Yésus, wong-wong kuwi kerja dadi nelayan utawa buruh. Banjur ing musim gugur taun 29 M, ”wong sing nduwé kebon anggur” ngutus Yésus ngundang wong-wong kuwi supaya kerja kanggo Gusti Allah. Wong-wong kuwi dadi ”sing pungkasan”, sing kerja mulai jam 5 soré.
-