-
Sang Raja Nggawé Murni Umaté ing bab RohaniKratoné Allah Wis Mréntah
-
-
1-3. Apa sing ditindakké Yésus wektu ngerti baité Allah wis ora suci manèh?
YÉSUS ngajèni banget bait, utawa Padaleman Suci ing Yérusalèm, merga Yésus ngerti nèk bait kuwi pusat ibadah sejati ing bumi. Ibadah sejati kudu tetep murni lan suci merga Yéhuwah kuwi suci. Coba bayangna, piyé perasaané Yésus wektu teka ing bait pas tanggal 10 Nisan 33 M lan ngerti nèk bait kuwi wis ora suci manèh. Ana kedadéan apa?—Wacanen Matéus 21:12, 13.
2 Ing Lataré Wong sing Dudu Israèl, para pedagang lan tukang ngijoli dhuwit sing srakah, njupuk untung sing ora adil saka umaté Allah sing teka kanggo ngekèkké kurban marang Yéhuwah.a Yésus ”nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, méja-méjané wong paréyalan lan bangku-bangkuné wong adol manuk dara padha digolingaké”. (Bandhingna Néhémya 13:7-9.) Yésus nyenèni wong-wong sing wis nggawé omah Bapaké dadi ”kedhung bégal”. Iki nduduhké nèk Yésus ngajèni banget bait lan Allah sing disembah ing kono. Ibadah marang Yéhuwah kudu tetep suci!
-
-
Sang Raja Nggawé Murni Umaté ing bab RohaniKratoné Allah Wis Mréntah
-
-
a Wong Yahudi sing teka kudu nduwé dhuwit sing wis ditemtokké kanggo mbayar pajeg taunan bait, ning para tukang ngijoli dhuwit njaluk dhuwit tambahan marang wong sing ngijolké dhuwit. Sakliyané kuwi, mungkin ana sing kudu tuku kéwan kanggo kurban. Yésus nyebut ”bégal”, mungkin merga para pedagang kuwi netepké rega sing larang banget kanggo dagangané, utawa merga njaluk dhuwit tambahan kanggo jasa kuwi.
-