-
Sapa sing Martakké Kabar Apik?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
4. Martakké kabar apik karo kabèh wong
Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha martakké kabar apik karo kabèh wong. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Sakwisé ngerti upayané Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik, piyé kesané njenengan?
Wacanen Matius 22:39 lan Roma 10:13-15, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok nginjil kuwi bukti Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo wong liya?
Piyé perasaané Yéhuwah ndelok wong-wong sing martakké kabar apik?—Deloken ayat 15.
-
-
Carané Bèn Resik Kaya sing Dikarepké YéhuwahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
4. Ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh
Yéhuwah isa mbantu bèn awaké dhéwé ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh
Meskipun wis biasa ngrokok utawa nganggo narkoba, njenengan mesthi isa ora kaya ngono manèh. Carané yaiku, kudu mikirké akibaté. Wacanen Matius 22:37-39, terus rembugen nèk ngrokok lan nganggo narkoba . . .
hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah dadi piyé?
keluarga lan kancané awaké dhéwé dadi piyé?
Piyé bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh?b Setèlen VIDÉONÉ.
Wacanen Filipi 4:13, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok nèk rajin ndonga, maca Alkitab, lan teka ngibadah kuwi isa nggawé awaké dhéwé ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh?
5. Berjuang bèn pikiran lan tingkah laku tetep bener
Wacanen Kolose 3:5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa buktiné Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé masturbasi, sexting,c utawa ndelok sing saru-saru?
Menurut njenengan, isa apa ora pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé kaya sing dikarepké Yéhuwah? Lha ngapa njenengan njawab ngono?
Piyé bèn ora mikir sing saru-saru? Setèlen VIDÉONÉ.
Menurut Yésus, awaké dhéwé kudu berjuang bèn tingkah lakuné tetep bener. Wacanen Matius 5:29, 30, terus rembugen pertanyaan iki:
Maksudé Yésus kuwi dudu ngongkon nglarani badan, tapi gelem nglakoni apa waé bèn pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé tetep bener. Contoné, gelem nglakoni apa waé?d
Yéhuwah ngerti lan menghargai upayané awaké dhéwé bèn ora mikir sing saru-saru. Wacanen Mazmur 103:13, 14, terus rembugen pertanyaan iki:
Nèk lagi berjuang bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh, piyé perasaané njenengan bar maca ayat kuwi?
Aja putus asa
Piyé nèk kambuh wektu lagi berjuang bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah? Apa kudu putus asa? Nèk pelari kesandhung terus tiba, kuwi ora berarti dhèwèké kalah utawa kudu mbalèni manèh saka ngarep. Nèk kambuh, kuwi ora berarti awaké dhéwé gagal utawa upayané selama iki ora ana gunané. Kambuh kuwi biasa, dadi aja putus asa. Yéhuwah mesthi isa mbantu bèn njenengan ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh.
-