PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Sapa sing Martakké Kabar Apik?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 21. Wong lanang omong-omongan karo Seksi-Seksi Yéhuwah sing lagi nginjil nganggo rak beroda.

      PELAJARAN 21

      Sapa sing Martakké Kabar Apik?

      Ora suwé manèh, Kerajaané Gusti Allah bakal ngatasi kabèh masalahé manungsa. Kabèh mesthi seneng krungu kabar iki. Mulané, Yésus ngongkon murid-muridé martakké kabar apik iki. (Matius 28:​19, 20) Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo Yésus?

      1. Apa buktiné nèk ramalan ing Matius 24:14 saiki kelakon?

      Yésus ngramalké, ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi.” (Matius 24:14) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng martakké kabar apik nganggo luwih saka 1.000 basa. Mulané, gawéan iki kudu diatur lan diarahké. Gawéan iki mung isa kelakon nèk didhukung Yéhuwah.

      2. Piyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik?

      Kaya muridé Yésus jaman mbiyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik ”saka omah menyang omah”. (Kisah 5:​42) Hasilé, ana akèh wong sing isa ditemoni. Seksi-Seksi Yéhuwah ya nginjil ing panggonan umum. Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha bèn isa ngandhani kabèh wong soal Yéhuwah lan sing Dhèwèké karepké.

      3. Sapa sing dikèki tugas martakké kabar apik?

      Kabèh muridé Yésus kudu martakké kabar apik. Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha terus nginjil bèn kabèh wong isa dislametké. (Wacanen 1 Timotius 4:​16.) Ing Alkitab ana keterangan, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.” Mulané, Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ora dibayar. (Matius 10:​7, 8) Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo Yéhuwah lan péngin nggawé Dhèwèké seneng, mulané terus nginjil meskipun ora kabèh wong gelem ngrungokké.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ana keterangan soal piyé Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya martakké kabar apik lan piyé Yéhuwah ndhukung umaté.

      A. Nginjil ing padhang rumput ing Kosta Rika. B. Nginjil karo nelayan ing dermaga ing Amerika Serikat. C. Nginjil ing désa ing Benin. D. Nginjil ing pasar terapung ing Thailand. E. Nginjil ing ngarepé watu gedhé ing Yap. F. Nginjil ing pinggir kali pas musim salju ing Swedia.

      Nginjil ing: (A) Kosta Rika, (B) Amerika Serikat, (C) Benin, (D) Thailand, (E) Yap, (F) Swedia

      4. Martakké kabar apik karo kabèh wong

      Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha martakké kabar apik karo kabèh wong. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Nginjil ing Dhaérah Terpencil (7:​38)

      • Sakwisé ngerti upayané Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik, piyé kesané njenengan?

      Wacanen Matius 22:39 lan Roma 10:​13-​15, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Ngapa kok nginjil kuwi bukti Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo wong liya?

      • Piyé perasaané Yéhuwah ndelok wong-wong sing martakké kabar apik?​—Deloken ayat 15.

      5. Dibantu Yéhuwah martakké kabar apik

      Akèh pengalaman mbuktèkké nèk Yéhuwah ngarahké umaté wektu martakké kabar apik. Contoné, pengalamané sedulur sing jenengé Paul ing Selandia Baru. Pas nginjil saka omah ing omah, Paul ketemu karo wong wédok. Wong wédok kuwi bar ndonga nyebut jeneng Yéhuwah lan njaluk bèn ana wong sing teka ing omahé. Paul ngomong, ”Telung jam bar kuwi, aku teka ing omahé.”

      Wacanen 1 Korintus 3:​9, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Bar maca pengalaman mau, apa buktiné nèk Yéhuwah ngarahké umaté wektu martakké kabar apik?

      Wacanen Kisah 1:​8, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok perlu bantuané Yéhuwah wektu martakké kabar apik?

      Keterangan

      Saben minggu, ing pertemuan ibadah tengah pekan, ana acara latihan nginjil. Nèk njenengan wis tau teka, apa waé manfaaté acara kuwi kanggo njenengan?

      Pertunjukan wektu nginjil pas acara pertemuan ibadah.

      6. Terus nginjil merga manut Gusti Allah

      Mbiyèn, murid-muridé Yésus dimungsuhi merga nginjil. Malah, para rasul nganti maju ing pengadilan bèn isa ”mbéla kabar apik”. (Filipi 1:7) Seksi-Seksi Yéhuwah saiki ya ngono.a

      Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Maju ing Pengadilan kanggo Mbéla Kabar Apik (2:​28)

      Wacanen Kisah 5:​27-​42, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah terus nginjil?​—Deloken ayat 29, 38, lan 39.

      NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah teka ing omahé wong-wong?”

      • Njenengan njawab apa?

      KESIMPULAN

      Yésus ngongkon murid-muridé martakké kabar apik karo kabèh wong. Yéhuwah ndhukung umaté wektu martakké kabar apik.

      Jawaben

      • Sapa sing martakké kabar apik lan piyé carané?

      • Ngapa kok nginjil kuwi bukti Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo wong liya?

      • Menurut njenengan, apa nginjil isa marahi bahagia? Ngapa kok njenengan njawab ngono?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Deloken piyé Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ing kutha.

      Nginjil ing Kutha Paris (5:​11)

      Piyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil karo para pengungsi?

      Mènèhi Kebutuhan Rohani Para Pengungsi (5:​59)

      Deloken pengalamané sedulur wédok sing bahagia merga dadi utusan injil.

      Bahagia Isa Dadi Utusan Injil (6:​29)

      Wacanen pengalamané para sedulur sing maju ing pengadilan bèn isa terus nginjil.

      ”Penginjil Kratoné Allah Maju ing Pengadilan” (Kratoné Allah Wis Mréntah, bab 13)

      a Sing ngongkon nginjil kuwi Yéhuwah, dadi sakjané Seksi-Seksi Yéhuwah ora perlu ijin pemerintah kanggo nginjil.

  • Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 5. Keadaan ing donya kèt taun 1914

      Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Keadaan Donya Kèt Taun 1914 (1:​10)

      Yésus ngomong nèk donya bakal dadi piyé bar dhèwèké dadi Raja? Wacanen Lukas 21:​9-​11, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Menurut njenengan, sing endi sing wis kelakon?

      Rasul Paulus njelaské piyé sifaté wong-wong pas akhir jaman. Wacanen 2 Timotius 3:​1-5, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Menurut njenengan, apa sifaté wong-wong saiki ya kaya ngono?

      Gambar: Keadaan ing donya pas akhir jaman. 1. Jéndral sing semangat pas pidato. 2. Bangunan ambruk merga gempa. 3. Pesawat tempur. 4. Ing endi-endi wong-wong nganggo masker. 5. Menara Kembar ing New York diserang teroris. 6. Wong lanang nganggo narkoba. 7. KDRT. 8. Narkoba lan minuman keras. 9. Wong wédok loro nganggo pakaian lan perhiasan méwah. 10. Wong lagi seneng-seneng pas konsèr. 11. Wong démo karo mbalang nganggo bom molotov.

      6. Buktiné nèk percaya Kerajaané Gusti Allah wis mréntah

      Wacanen Matius 24:​3, 14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Apa tandhané nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah?

      • Piyé carané njenengan ya isa mèlu martakké kabar apik kuwi?

      Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga, terus sedhéla manèh arep mréntah bumi. Wacanen Ibrani 10:​24, 25, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Merga ”dinané Gusti Allah wis saya cedhak”, awaké dhéwé kudu piyé?

      Gambar: 1. Teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. 2. Sing sinau Alkitab nyritakké sing wis dipelajari.

      Nèk njenengan ngerti carané mbantu wong-wong bèn isa urip saklawasé, njenengan kuduné piyé?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim