PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Kraton Paduka Mugi Rawuh”
    Kratoné Allah Wis Mréntah
    • 15, 16. Sapa sing dimaksud ”generasi iki”?

      15 Kapan Kraton kuwi bener-bener teka? Yésus ora nduduhké kapan persisé kuwi kelakon. (Mt. 24:36) Ning, ana omongané Yésus sing nggawé awaké dhéwé yakin nèk kuwi wis cedhak. Yésus nduduhké nèk Kratoné Allah bakal teka sakwisé ”generasi iki” wis ndelok dhéwé kelakoné ramalan kuwi. (Wacanen Matéus 24:32-34.c) Sapa sing dimaksud ”generasi iki”? Ayo ditliti omongané Yésus.

      16 ”Generasi iki.” Apa maksudé Yésus wong-wong sing ora percaya? Ora. Gatèkna sapa sing ngrungokké. Yésus ngomongké ramalan iki karo muridé sing ”ngadhep ing ngarsané piyambakan”. (Mt. 24:3) Para rasul kuwi sedhéla manèh bakal dilantik nganggo roh suci. Gatèkna uga hubungan ukarané. Sakdurungé kandha bab ”generasi iki”, Yésus kandha, ”Padha sinaua umpama bab wit ara, sakwisé pang-pangé dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk kuwi wis cedhak, wis nèng ngarep lawang.” Dudu wong sing ora percaya, ning para muridé Yésus sing wis dipilih kuwi, sing bakal ndelok kelakoné ramalané Yésus lan ngerti cetha tandhané, yaiku nèk Yésus ”wis nèng ngarep lawang”. Dadi, wektu Yésus kandha bab ”generasi iki” kuwi maksudé, para muridé sing dipilih munggah swarga.

      GENERASI

      (Mt. 24:32-34)

      Yésus nduduhké nèk Kratoné Allah bakal teka sakwisé ”generasi iki” wis ndelok dhéwé kelakoné ramalan kuwi (Deloken paragraf 17, 18)

      Garis wektu ”generasi iki” saka ramalané Yésus ing Matéus 24:32-34

      KELOMPOK 1: Wong sing dipilih sing ndelok wiwitan kelakoné tandha sing kedadéan taun 1914

      KELOMPOK 2: Wong sing dipilih sing tau urip bebarengan karo kelompok kapisan. Ana ing antarané wong-wong kuwi sing bakal ndelok sengsara gedhé

      17. Apa tegesé ”generasi” lan ”kabèh iki”?

      17 ”Ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon.” Piyé omongan kuwi kelakon? Bèn ngerti jawabané, awaké dhéwé kudu ngerti rong bab iki: tegesé ”generasi” lan tegesé ”kabèh iki”. Tembung ”generasi” biyasané maksudé wong-wong sing umuré béda-béda, ning tau urip ing wektu sing padha bebarengan. Sak generasi biyasané ana bates wektuné. (Pa. 1:6) Tembung ”kabèh iki” maksudé kabèh kedadéan sing wis diramalké pas rawuhé Yésus, sing diwiwiti taun 1914 nganti tekané ”sengsara gedhé”.​—Mt. 24:21, NW.

      18, 19. Apa maksudé tembung ”generasi iki” sing dikandhakké Yésus, lan apa kesimpulané?

      18 Terus, apa maksudé tembung ”generasi iki” sing dikandhakké Yésus? Generasi iki isiné rong kelompok wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing tau urip bebarengan. Kelompok kapisan, yaiku wong sing dipilih sing ndelok wiwitan kelakoné tandha sing kedadéan taun 1914. Kelompok kapindho, yaiku wong sing dipilih sing tau urip bebarengan ing wektu sing padha karo kelompok kapisan. Paling ora ana ing antarané wong-wong saka kelompok kapindho kuwi sing bakal ndelok wiwitané sengsara gedhé. Rong kelompok kuwi dadi sak generasi merga tau urip bebarengan dadi wong Kristen sing dipilih munggah swarga.d

      19 Dadi, apa kesimpulané? Awaké dhéwé ngerti nèk tandha rawuhé Yésus dadi Raja kétok cetha ing sakdonya. Awaké dhéwé ya ngerti nèk wong-wong sing dipilih munggah swarga sing saiki isih urip lan dadi bagéan saka ”generasi iki” wis saya tuwa. Ning, ora kabèh bakal mati sakdurungé wiwitané sengsara gedhé. Dadi kesimpulané, Kratoné Allah ora suwé manèh bakal teka lan nguwasani bumi. Mesthi nyenengké banget ndelok kelakoné donga sing diwulangké Yésus, ”Kraton Paduka mugi rawuh”.

  • ”Kraton Paduka Mugi Rawuh”
    Kratoné Allah Wis Mréntah
        1. Salah siji wong nglumpukké alang-alang lan ditalèni

          Alang-alang diklumpukké lan ditalèni (Mt. 13:30)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim