PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Yésus lagi waé njawab pitakonané para rasulé bab tandha rawuhé lan pungkasané jaman iki. Saiki, Yésus mènèhi naséhat wicaksana liwat siji umpama. Kedadéan sing digambarké ing umpama iki bakal digenepi ing mangsa rawuhé Yésus.

      Yésus miwiti umpama kuwi kanthi kandha, ”Kraton swarga isa diumpamakké kaya sepuluh prawan sing nggawa lampu minyaké lan metu kanggo nyambut mantèn lanang. Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana.”​—Matius 25:1, 2.

      Iki dudu tegesé nèk separo muridé sing bakal nampa warisan Kraton swarga kuwi bodho lan separoné wicaksana. Maksudé Yésus kuwi nèk saben muridé isa milih arep dadi wong sing tetep siap utawa malah dadi keslimur. Nanging, Yésus yakin nèk saben abdiné bakal tetep setya lan akiré nampa berkah saka Bapaké.

      Ing umpama kuwi, sepuluh prawan mau metu kanggo nyambut mantèn lanang lan teka ing acara mantènan. Wektu mantèn lanang teka, para prawan kuwi bakal madhangi dalan sing diliwati mantèn lanang nganggo lampu minyak sing digawa. Banjur ngiring mantèn kuwi karo bojoné menyang omah sing wis disiapké. Nanging, apa sing bakal kelakon?

  • Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Para rasul ngerti nèk mantèn lanang kuwi maksudé Yésus dhéwé. Sakdurungé, Yésus wis tau nggambarké dhèwèké kuwi mantèn lanang. (Lukas 5:34, 35) Lan sapa sing dimaksud karo para prawan? Wektu nyebutké bab ”kelompok cilik” sing bakal mréntah ing swarga, Yésus kandha, ”Nganggoa klambi lan siap-siapa, lan pastèkna lampu minyakmu murub terus.” (Lukas 12:32, 35) Mula ing umpama iki, para rasul ngerti nèk para prawan kuwi maksudé para rasul lan wong liyané sing dadi bagéan kelompok cilik. Mula, apa piwulang saka umpama iki?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim