-
Para Ahli Ramal Bintang Marani YésusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Ana ahli ramal bintang teka saka Wétan. Wong-wong kuwi ngramal nganggo cara ngamati posisi bintang, lan nggunakké kuwi kanggo ngerti tegesé kedadéan-kedadéan ing uripé wong. (Yésaya 47:13) Pas ana ing Wétan, wong-wong kuwi ndelok sawijiné ”bintang” lan ngetutké bintang kuwi atusan kilomèter menyang Yérusalèm.
Wektu tekan Yérusalèm, wong-wong kuwi padha takon, ”Ing ngendi bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi? Pas isih ana ing Wétan, aku kabèh ndelok bintangé, lan saiki aku kabèh teka arep sujud marang dhèwèké.”—Matius 2:1, 2.
-
-
Para Ahli Ramal Bintang Marani YésusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Miturut panjenengan, sapa sing mènèhi bintang kuwi? Bintang kuwi dudu saka Gusti Allah. Bintang kuwi ora langsung nuntun marang Yésus ing Bètléhèm, nanging nuntun para ahli ramal bintang menyang Yérusalèm, panggonané Raja Hérodès sing péngin matèni Yésus. Nèk Gusti Allah ora nglarang para ahli ramal bintang kuwi ngandhani Hérodès bab panggonané Yésus, mesthi Hérodès wis matèni Yésus. Mula, cetha nèk sing mènèhi bintang kuwi Sétan, yaiku mungsuhé Gusti Allah sing péngin supaya Yésus dipatèni.
-