-
Sapa sing Martakké Kabar Apik?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 21
Sapa sing Martakké Kabar Apik?
Ora suwé manèh, Kerajaané Gusti Allah bakal ngatasi kabèh masalahé manungsa. Kabèh mesthi seneng krungu kabar iki. Mulané, Yésus ngongkon murid-muridé martakké kabar apik iki. (Matius 28:19, 20) Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo Yésus?
1. Apa buktiné nèk ramalan ing Matius 24:14 saiki kelakon?
Yésus ngramalké, ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi.” (Matius 24:14) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng martakké kabar apik nganggo luwih saka 1.000 basa. Mulané, gawéan iki kudu diatur lan diarahké. Gawéan iki mung isa kelakon nèk didhukung Yéhuwah.
2. Piyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik?
Kaya muridé Yésus jaman mbiyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik ”saka omah menyang omah”. (Kisah 5:42) Hasilé, ana akèh wong sing isa ditemoni. Seksi-Seksi Yéhuwah ya nginjil ing panggonan umum. Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha bèn isa ngandhani kabèh wong soal Yéhuwah lan sing Dhèwèké karepké.
3. Sapa sing dikèki tugas martakké kabar apik?
Kabèh muridé Yésus kudu martakké kabar apik. Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha terus nginjil bèn kabèh wong isa dislametké. (Wacanen 1 Timotius 4:16.) Ing Alkitab ana keterangan, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.” Mulané, Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ora dibayar. (Matius 10:7, 8) Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo Yéhuwah lan péngin nggawé Dhèwèké seneng, mulané terus nginjil meskipun ora kabèh wong gelem ngrungokké.
SINAU LUWIH AKÈH
Ana keterangan soal piyé Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya martakké kabar apik lan piyé Yéhuwah ndhukung umaté.
Nginjil ing: (A) Kosta Rika, (B) Amerika Serikat, (C) Benin, (D) Thailand, (E) Yap, (F) Swedia
4. Martakké kabar apik karo kabèh wong
Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha martakké kabar apik karo kabèh wong. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Sakwisé ngerti upayané Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik, piyé kesané njenengan?
Wacanen Matius 22:39 lan Roma 10:13-15, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok nginjil kuwi bukti Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo wong liya?
Piyé perasaané Yéhuwah ndelok wong-wong sing martakké kabar apik?—Deloken ayat 15.
5. Dibantu Yéhuwah martakké kabar apik
Akèh pengalaman mbuktèkké nèk Yéhuwah ngarahké umaté wektu martakké kabar apik. Contoné, pengalamané sedulur sing jenengé Paul ing Selandia Baru. Pas nginjil saka omah ing omah, Paul ketemu karo wong wédok. Wong wédok kuwi bar ndonga nyebut jeneng Yéhuwah lan njaluk bèn ana wong sing teka ing omahé. Paul ngomong, ”Telung jam bar kuwi, aku teka ing omahé.”
Wacanen 1 Korintus 3:9, terus rembugen pertanyaan iki:
Bar maca pengalaman mau, apa buktiné nèk Yéhuwah ngarahké umaté wektu martakké kabar apik?
Wacanen Kisah 1:8, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok perlu bantuané Yéhuwah wektu martakké kabar apik?
Keterangan
Saben minggu, ing pertemuan ibadah tengah pekan, ana acara latihan nginjil. Nèk njenengan wis tau teka, apa waé manfaaté acara kuwi kanggo njenengan?
6. Terus nginjil merga manut Gusti Allah
Mbiyèn, murid-muridé Yésus dimungsuhi merga nginjil. Malah, para rasul nganti maju ing pengadilan bèn isa ”mbéla kabar apik”. (Filipi 1:7) Seksi-Seksi Yéhuwah saiki ya ngono.a
Wacanen Kisah 5:27-42, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah terus nginjil?—Deloken ayat 29, 38, lan 39.
NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah teka ing omahé wong-wong?”
Njenengan njawab apa?
KESIMPULAN
Yésus ngongkon murid-muridé martakké kabar apik karo kabèh wong. Yéhuwah ndhukung umaté wektu martakké kabar apik.
Jawaben
Sapa sing martakké kabar apik lan piyé carané?
Ngapa kok nginjil kuwi bukti Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo wong liya?
Menurut njenengan, apa nginjil isa marahi bahagia? Ngapa kok njenengan njawab ngono?
BAHAN TAMBAHAN
Deloken piyé Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ing kutha.
Piyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil karo para pengungsi?
Deloken pengalamané sedulur wédok sing bahagia merga dadi utusan injil.
Wacanen pengalamané para sedulur sing maju ing pengadilan bèn isa terus nginjil.
”Penginjil Kratoné Allah Maju ing Pengadilan” (Kratoné Allah Wis Mréntah, bab 13)
a Sing ngongkon nginjil kuwi Yéhuwah, dadi sakjané Seksi-Seksi Yéhuwah ora perlu ijin pemerintah kanggo nginjil.
-
-
Ana Akèh Berkah Nèk Njenengan DibaptisBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 23
Ana Akèh Berkah Nèk Njenengan Dibaptis
Yésus ngongkon bèn kabèh muridé dibaptis. (Wacanen Matius 28:19, 20.) Tapi, apa maksudé dibaptis? Piyé bèn isa dibaptis?
1. Apa maksudé dibaptis?
Ing basa Yunani ”dibaptis” kuwi artiné ”dilelebké” ing banyu. Kaya pas Yésus dibaptis ing Kali Yordan, dhèwèké dilelebké ing banyu, terus ”mentas saka banyu”. (Markus 1:9, 10) Makané pas dibaptis, awaké wong Kristen ya kudu dilelebké kabèh ing banyu.
2. Dibaptis kuwi bukti apa?
Dibaptis kuwi bukti nèk wong wis janji arep nglayani Yéhuwah. Dadi sakdurungé dibaptis, dhèwèké ndonga lan janji karo Yéhuwah nèk mung Yéhuwah sing arep disembah saklawasé. Dhèwèké ya janji nèk arep ngutamakké Yéhuwah. Dhèwèké kudu ”nolak kepénginané dhéwé” lan terus manut ajarané Yésus. (Matius 16:24) Nèk wis dibaptis, dhèwèké isa akrab karo Yéhuwah lan umaté.
3. Piyé bèn isa dibaptis?
Bèn isa dibaptis kudu sinau soal Yéhuwah lan nduwé iman karo Dhèwèké. (Wacanen Ibrani 11:6.) Nèk tambah kenal Yéhuwah lan tambah kuwat imané, mesthi ya tambah sayang karo Yéhuwah. Nèk sayang karo Yéhuwah, mesthi seneng crita soal Yéhuwah lan berusaha bèn tingkah lakuné bener. (2 Timotius 4:2; 1 Yohanes 5:3) Nèk tingkah lakuné bener ’kaya wong sing ngabdi marang Yéhuwah, lan nyenengké Dhèwèké’, mesthi dadi péngin nglayani Yéhuwah lan dibaptis.—Kolose 1:9, 10.a
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug keterangan ing Alkitab soal piyé Yésus pas dibaptis, lan piyé bèn awaké dhéwé isa dibaptis.
4. Keterangan ing Alkitab soal Yésus pas dibaptis
Wacanen Matius 3:13-17 bèn ngerti luwih akèh soal Yésus wektu dibaptis, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa Yésus dibaptis pas isih bayi?
Yésus dibaptisé piyé? Apa mung diciprati banyu?
Bar dibaptis, Yésus nglakoni tugas sing istiméwa saka Gusti Allah. Wacanen Lukas 3:21-23 lan Yohanes 6:38, terus rembugen pertanyaan iki:
Bar dibaptis, apa tugas utamané Yésus?
5. Njenengan ora perlu wedi dibaptis
Akèh sing mauné ragu-ragu lan wedi dibaptis. Tapi, nèk tambah kenal karo Yéhuwah, njenengan mesthi isa tambah yakin kanggo dibaptis. Ana sing wis tau ngalami kaya ngono. Setèlen VIDÉONÉ.
Wacanen Yohanes 17:3 lan Yakobus 1:5, terus rembugen pertanyaan iki:
Bèn ora wedi dibaptis kudu piyé?
Pas ndonga, janji karo Yéhuwah nèk péngin nglayani Dhèwèké saklawasé
Pas dibaptis, wong-wong dadi ngerti nèk awaké dhéwé wis janji arep nglayani Yéhuwah
6. Nduwé sedulur seiman sak donya
Nèk dibaptis dadi Seksi Yéhuwah, njenengan nduwé sedulur seiman sak donya. Kabèh Seksi Yéhuwah padha-padha ngetrapké isiné Alkitab lan berusaha bèn tingkah lakuné bener. Wacanen Mazmur 25:14 lan 1 Pétrus 2:17, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut ayat-ayat kuwi, apa manfaaté nèk dibaptis?
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku ora péngin dibaptis.”
Nèk njenengan dhéwé, apa njenengan péngin dibaptis?
KESIMPULAN
Menurut Yésus, kabèh muridé kudu dibaptis. Nèk péngin dibaptis kudu nduwé iman karo Yéhuwah, berusaha bèn tingkah lakuné sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah, lan gelem nglayani Yéhuwah.
Jawaben
Apa maksudé dibaptis? Ngapa kok kudu dibaptis?
Dibaptis kuwi bukti apa?
Bèn isa dibaptis kudu ngapa waé?
BAHAN TAMBAHAN
Apa waé pendapat sing salah lan sing bener soal dibaptis?
Apa waé sing kudu diupayakké bèn isa dibaptis?
”Dibaptis Merga Sayang karo Yéhuwah” (Warta Penting Maret 2020)
Wacanen pengalamané wong lanang sing akhiré gelem dibaptis sakwisé mbuktèkké dhéwé ajaran ing Alkitab.
”Aku Dikon Mbuktèkké Dhéwé Ajaran ing Alkitab” (Warta Penting 1 Februari 2013)
Ngapa kok kudu dibaptis? Piyé carané bèn isa dibaptis?
”Ngapa Kok Kudu Dibaptis?” (Jawaban Pertanyaané Cah Enom, Jilid 2, bab 37)
a Nèk wis tau dibaptis ing gréja kudu tetep dibaptis manèh, soalé pas dibaptis ing gréja durung ngerti ajaran sing bener saka Alkitab.—Deloken Kisah 19:1-5 lan Pelajaran 13.
-