-
Yohanes Pembaptis Nyiapké DalanYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Yohanes kuwi wong sing penampilan lan carané ngomong béda karo wong biasané. Dhèwèké nganggo klambi saka wulu unta lan sabuké saka kulit. Panganané walang lan madu alas. Warta apa sing dhèwèké sampèkké? ”Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak.”—Matius 3:2.
Akèh wong padha teka kanggo ngrungokké Yohanes. Wong-wong kuwi asalé saka ”Yérusalèm, wilayah Yudéa, lan kabèh dhaérah ing sakiwa-tengené Kali Yordan”. (Matius 3:5) Sakwisé krungu wartané Yohanes, wong-wong kuwi dadi sadhar, banjur padha mertobat nganggo cara ngowahi tumindak lan uripé sing ala. Yohanes mbaptis wong-wong kuwi ing Kali Yordan nganggo cara nglelepké ing njero banyu. Apa sebabé?
-
-
Yohanes Pembaptis Nyiapké DalanYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Dadi, warta sing disampèkké Yohanes ”Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak” kuwi bener-bener cocog. (Matius 3:2) Warta kuwi ngandhani akèh wong nèk Raja sing dijanjèkké Yéhuwah, yaiku Yésus Kristus bakal mulai nindakké pelayanané.
-