-
Yésus Marèkké Cah Lanang sing Kesurupan Roh JahatYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Wektu mudhun saka gunung, Yésus, Pétrus, Yakobus, lan Yohanes ndelok ana akèh wong padha ngumpul. Para ahli Taurat ngubengi para murid lan bebantahan karo para murid. Wong-wong padha kagèt wektu weruh Yésus, banjur padha mlayu marani Yésus kanggo ngucapké salam. Yésus takon, ”Kowé kabèh lagi bebantahan karo wong-wong kuwi bab apa?”—Markus 9:16.
-
-
Yésus Marèkké Cah Lanang sing Kesurupan Roh JahatYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Kayané, para ahli Taurat ngelokké lan ngécé upayané para murid merga ora isa marèkké cah lanang kuwi. Mula, ketimbang nanggepi bapaké cah lanang mau, Yésus kandha marang wong akèh ing kono, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong sing ora nduwé iman lan kebak dosa, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé kabèh?” Iki omongan sing tegas saka Yésus kanggo para ahli Taurat sing nggawé masalah karo para murid wektu Yésus ora ana. Banjur, Yésus kandha marang bapaké cah kuwi, ”Gawanen dhèwèké mréné.”—Matius 17:17.
-