-
Ngapa Kok Kudu Nglayani Yéhuwah lan Dibaptis?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Apa waé berkahé nèk dibaptis?
Nèk dibaptis, njenengan isa dadi luwih akrab karo Yéhuwah. Yéhuwah isa dadi kaya Bapaké njenengan. Njenengan ya isa ngrasakké luwih akèh berkah saka Dhèwèké. (Wacanen Maléakhi 3:16-18.) Terus, njenengan ya bakal éntuk sedulur seiman sak donya sing dadi kaya keluarga, sing sayang karo njenengan lan sayang karo Yéhuwah. (Wacanen Markus 10:29, 30.) Bèn isa dibaptis, njenengan kudu sinau soal Yéhuwah, sayang karo Yéhuwah, lan nduwé iman karo Yésus. Bar kuwi, nggawé janji nèk mèh nglayani Yéhuwah, terus dibaptis. Hasilé, njenengan isa bahagia saklawasé. Menurut Alkitab, ”Baptisan . . . saiki nylametké kowé.”—1 Pétrus 3:21.
-
-
Tetep Setya Meskipun DianiayaBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
Yésus ngerti nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah, isa waé ana anggota keluarga sing ora seneng. Wacanen Matius 10:34-36, terus rembugen pertanyaan iki:
Nèk ana sing akhiré milih nglayani Yéhuwah, isa waé keluargané dadi piyé?
Contoné, setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé nèk kanca utawa keluarga nglarang njenengan nglayani Yéhuwah?
Wacanen Mazmur 27:10 lan Markus 10:29, 30, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé carané ngetrapké ayat kuwi nèk keluarga utawa kanca nglarang njenengan nglayani Yéhuwah?
-