PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ing Ngendi lan Kapan Yésus Lair?
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Panguwasa Romawi yaiku Kaisar Agustus mréntahké supaya saben wong didaftar. Mula, Yusuf lan Maria kudu bali menyang kutha asalé Yusuf yaiku Bètléhèm, ing sisih kidulé Yérusalèm.

      Merga Bètléhèm kebak karo wong-wong sing teka kanggo ndaftar, mula siji-sijiné panggonan sing isa dienggo nginep Yusuf lan Maria yaiku kandhang kanggo keledai lan kéwan liyané. Ing panggonan kuwi Yésus lair. Maria nggedhong Yésus nganggo kain lan ndèlèhké ing wadhah pakan kéwan.

      Cetha banget nèk Gusti Allah sing ngatur supaya Kaisar Agustus nggawé undhang-undhang pendaftaran iki. Nganggo cara iki Yésus isa lair ing Bètléhèm, ing kutha asalé leluhuré, yaiku Raja Daud. Kitab Suci wis suwé mènèhi ramalan nèk Bètléhèm bakal dadi kutha lairé Panguwasa sing dijanjèkké.​—Mikha 5:1.

  • Ing Ngendi lan Kapan Yésus Lair?
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Akèh wong saiki percaya nèk Yésus lair tanggal 25 Desember. Nanging ing dhaérah Bètléhèm, sasi Desember biasané kerep udan, hawané adhem, lan kadhang ana salju. Mula, para pangon ora mungkin manggon ing lapangan pas wayah wengi karo wedhus-wedhusé. Kaisar Romawi ya ora mungkin ngongkon rakyaté, sing wis ora seneng karo dhèwèké, kanggo nglakoni perjalanan sing suwéné pirang-pirang dina wektu musim dingin kanggo ndaftar. Mula, Yésus lair kira-kira ing sasi Oktober.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim