PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wong Samaria Kebukti Dadi Pepadha sing Sejati
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Yésus ngandhani wong lanang kuwi, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi lan kowé bakal nampa urip.” Nanging, apa rembugané mandheg tekan kono? Ora. Wong lanang iki ora mung péngin jawaban kaya ngono, nanging dhèwèké ya péngin Yésus setuju karo pendapat lan carané dhèwèké tumindak marang wong liya. Dadi, wong kuwi péngin ”mbuktèkké nèk dhèwèké bener”. Mula, dhèwèké takon, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” (Lukas 10:28, 29) Kuwi kayané pitakonan sing sedherhana nanging sakjané penting. Apa sebabé?

      Miturut wong Yahudi, sing disebut ”pepadha” kuwi mung wong-wong sing nindakké tradhisi Yahudi, lan kayané kuwi cocog karo Kaimaman 19:18. Malah, ana wong Yahudi sing mungkin nganggep nèk srawung karo wong-wong sing dudu Yahudi kuwi ”ora éntuk”. (Kisah 10:28) Dadi, wong lanang iki lan mungkin sebagéan muridé Yésus rumangsa nèk sing bener kuwi tumindak apik mung karo sing padha-padha wong Yahudi waé. Nanging, nèk karo wong sing dudu Yahudi ora perlu apikan.

  • Wong Samaria Kebukti Dadi Pepadha sing Sejati
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Iki cara mulang sing apik banget! Nèk Yésus langsung ngandhani wong lanang kuwi nèk wong sing dudu Yahudi kuwi uga pepadhané, apa wong lanang kuwi lan wong Yahudi liyané bakal nampa piwulangé Yésus? Kayané ora. Nanging, merga Yésus nyritakké kisah sedherhana lan gampang dingertèni, jawaban saka pitakonan, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” dadi cetha. Wong sing kebukti dadi pepadha sing sejati yaiku wong sing nduduhké katresnan lan apik ati kaya sing dipréntahké ing Kitab Suci.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim