-
Ndhukung Para Sedulur Wédok ing JemaatWarta Penting (Wulangan)—2020 | September
-
-
Kaya Yésus, awaké dhéwé isa nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni para sedulur wédok (Deloken paragraf 6-9)e
6. Apa sing isa disinaoni saka Lukas 10:38-42 soal Yésus sing mbantu Marta lan Maria?
6 Yésus kerep bergaul karo sedulur-sedulur wédok lan dadi sahabaté. Misalé, Yésus bergaul karo Maria lan Marta, sedulur wédok sing kétoké padha-padha isih lajang. (Wacanen Lukas 10:38-42.) Apa sing Yésus tindakké utawa omongké nggawé Maria lan Marta ngrasa seneng. Buktiné, Maria ngrasa nyaman wektu lungguh ing cedhak sikilé Yésus.c Terus, Marta ya ora isin crita karo Yésus wektu dhèwèké jèngkèl karo Maria merga ora ngéwangi dhèwèké nyiapké panganan. Wektu kuwi, Yésus mbantu Marta lan Maria bèn éntuk pelajaran sing berharga. Yésus ya nggatèkké Marta, Maria, lan Lazarus ing kesempatan liya. Buktiné, Yésus teka manèh ing omahé wong-wong kuwi. (Yoh. 12:1-3) Mula, wektu Lazarus lara parah, Maria lan Marta ora isin njaluk tulung karo Yésus.—Yoh. 11:3, 5.
-
-
Ndhukung Para Sedulur Wédok ing JemaatWarta Penting (Wulangan)—2020 | September
-
-
c Salah siji ensiklopedia kandha, ”Biasané, murid-murid lungguh ing cedhak sikilé guruné wektu murid kuwi ya péngin dadi guru. Wektu kuwi, wong-wong wédok ora éntuk dadi guru. Mula, akèh wong lanang Yahudi kagèt wektu ndelok Maria lungguh ing cedhak sikilé Yésus lan ngrungokké ajarané.”
-