-
Dhèwèké ’Nyathet Ing Sajroning Atiné’Tirunen Imané
-
-
10 Yusuf lan Maryam ndelok nèk désa kuwi wis kebak wong. Yusuf lan Maryam ora éntuk panggonan nginep merga wong-wong sing arep ndaftar wis teka luwih dhisik.b Dadi, ora ana pilihan manèh sakliyané nginep ing kandhang. Coba bayangna, Yusuf mesthi prihatin banget ndelok bojoné kelaran, lan saya suwé saya lara. Ya ing panggonan kaya ngéné iki Maryam malah ngrasa bayiné wis arep lair.
11. (a) Apa sebabé para wong wadon ing ngendi waé isa paham apa sing dialami Maryam? (b) Ing bab apa waé Yésus dadi ’Putra pambajeng’?
11 Wong wadon ing ngendi waé mesthi isa paham karo apa sing dialami Maryam. Kira-kira 4.000 taun sakdurungé, Yéhuwah wis ngramalké nèk merga dosa warisan, wong wadon bakal kelaran wektu nglairké anak. (Pd. 3:16) Maryam uga ngrasakké kuwi. Lukas ora nerangké larané Maryam wektu nglairké, nanging mung kandha nèk Maryam ”banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng”. (Lk. 2:7) Anaké Maryam sing mbarep wis lair, kuwi sing mbarep saka akèh anaké Maryam, sing kira-kira cacahé ana pitu. (Mk. 6:3) Nanging, anak iki béda karo liyané. Anak iki ora mung anak mbarepé Maryam, nanging uga ”kang pambayun [utawa, sing mbarep], kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabèh kang dititahaké” Yéhuwah. Kuwi Putra siji-sijiné sing digawé langsung karo Yéhuwah.—Kl. 1:15.
12. Maryam nyèlèhké bayiné ing ngendi, lan piyé kahanan sing saktenané ing panggonan kuwi?
12 Cathetan kuwi uga nyebutké katrangan rinci sing terkenal, yaiku ’[Maryam] nggedhong banjur nyèlèhké [bayiné] ing wadhah pakan kéwan’. (Lk. 2:7, BJP) Kahanan sing digambarké ing sandiwara, lukisan, lan pertunjukan pas Natalan biyasané digawé luwih apik ketimbang nyatané. Gatèkna kahanan sing saktenané, Yésus disèlèhké ing wadhah pakan kéwan. Keluarga iki nginep ing kandhang, kuwi mesthi dudu panggonan sing resik lan nyaman. Sakjané, ora ana wong tuwa sing péngin nglairké anaké ing panggonan sing kaya ngono. Akèh-akèhé wong tuwa mesthi péngin sing paling apik kanggo anak-anaké. Maryam lan Yusuf uga mesthi péngin banget mènèhi sing paling apik kanggo Putrané Allah.
13. (a) Piyé carané Maryam lan Yusuf mènèhi sing paling apik saka kabèh sing diduwèni? (b) Ing jaman saiki, piyé wong tuwa sing wicaksana isa niru Yusuf lan Maryam?
13 Nanging, Maryam karo Yusuf ora mung mikirké kahanan sing nyusahké kuwi, wong loro kuwi ngupaya mènèhi sing paling apik saka kabèh sing diduwèni. Gatèkna contoné, Maryam ngopèni bayi kuwi, nggedhong nganggo kain, terus karo ngati-ati nyèlèhké bayiné ing wadhah pakan kéwan. Maryam mastèkké bayi kuwi aman lan ora kadhemen. Dadi senajan kuwatir merga kahanan wektu kuwi, nanging Maryam tetep nyedhiyakké sing paling apik kanggo anaké. Maryam lan Yusuf uga ngerti nèk mulang anaké kanggo nresnani Yéhuwah kuwi bab paling penting sing kudu ditindakké. (Wacanen Pangandharing Torèt 6:6-8.) Ing jaman saiki, wong tuwa sing wicaksana uga ngutamakké bab rohani wektu nggedhèkké anak-anak ing antarané wong-wong sing ora ngajèni ibadah marang Allah.
-
-
Dhèwèké ’Nyathet Ing Sajroning Atiné’Tirunen Imané
-
-
b Ing kutha-kutha jaman kuwi, ana kebiyasaan nyedhiyakké kamar kanggo wong sing lagi ing perjalanan lan kafilah sing mampir.
-