-
Ngabdi Marang Yéhuwah Tanpa Ana GangguanWarta Penting (Wulangan)—2015 | 1 Oktober
-
-
2 Yésus nresnani Marta merga dhèwèké apikan, loma, lan sregep nyambut gawé. Ning, sing paling utama, Marta ditresnani Yésus merga imané kuwat. Marta percaya karo piwulangé Yésus lan janjiné Alkitab bab Sang Mèsih. (Yo. 11: 21-27) Ning, Marta ya ora sampurna. Kaya awaké dhéwé, Marta uga ana salahé. Contoné, wektu Yésus mertamu ing omahé, Marta malah nesu karo Maryam, banjur njaluk Yésus ngandhani Maryam, ”Gusti, punapa Paduka boten nggalih, bilih sadhèrèk kawula metelaken kawula lelados piyambak? Mila mugi Paduka dhawuhi ngréncangi kawula.” (Wacanen Lukas 10:38-42.) Apa sebabé Marta kandha kaya ngono, lan apa sing isa disinaoni saka jawabané Yésus marang dhèwèké?
-
-
Ngabdi Marang Yéhuwah Tanpa Ana GangguanWarta Penting (Wulangan)—2015 | 1 Oktober
-
-
4 Ning, Marta malah sibuk dhéwé. Marta sibuk nyuguhi lan ngladèni Yésus bèn kepénak anggoné mertamu. Pas ndelok Maryam ora ngéwangi dhèwèké, Marta banjur nesu lan sambat marang Yésus. Yésus ngerti nèk Marta péngin nindakké sing becik, mula Yésus ngendika, ”Marta, Marta, kowé iku nyumelangaké lan nggrantesaké prakara akèh.” Yésus banjur ngongkon Marta aja répot-répot anggoné nyuguhi, cukup siji waé suguhané. Banjur, Yésus ngalem Maryam merga ngrungokké piwulangé. Yésus ngendika, ”Maryam wis milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk saka ing dhèwèké.” Maryam isa waé ora kèlingan lawuhé apa pas kuwi, ning ora bakal lali karo piwulang lan carané Yésus ngalem dhèwèké. 60 taun sakwisé kedadéan kuwi, rasul Yokanan nulis, ”Anadéné Marta lan mbakyuné . . . pancèn padha ditresnani déning Gusti Yésus.” (Yo. 11:5) Crita iki nduduhké nèk Marta gelem dikandhani Yésus, banjur ngabdi sakterusé.
-