-
Anak sing DijanjèkkéYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Saiki wis luwih saka sesasi, lan Yésus umuré wis 40 dina. Wong tuwané nggawa Yésus menyang bait ing Yérusalèm, sing ora adoh saka omahé. Hukum Taurat kandha nèk 40 dina sakwisé nglairké anak lanang, wong wadon Israèl kudu mènèhi persembahan kurban ing bait kanggo nyucèkké badan.—Kaimaman 12:4-8.
Maria uga nindakké kuwi. Miturut Hukum Taurat, persembahan sing kudu diwènèhké yaiku siji wedhus gèmbèl lanang enom lan siji manuk. Nanging nèk ora mampu, wong wadon kuwi éntuk mènèhké manuk derkuku sak jodho utawa piyik dara loro. Kanggo mènèhi persembahan, Maria nggawa manuk cilik loro. Saka persembahané, kita isa ngerti kahanan ékonominé Yusuf lan Maria.
-