-
Sapa sing Diundang Gusti Allah ing Pésta Gedhé?Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
”Ana wong lanang sing nganakké pésta gedhé, lan dhèwèké ngundang akèh wong. . . Dhèwèké ngongkon budhaké lunga kanggo ngandhani para undangan, ’Ayo padha teka, kabèh wis siap.’ Nanging kabèh wong kuwi mulai golèk-golèk alesan. Sing kapisan kandha, ’Aku lagi waé tuku ladhang lan kudu lunga kanggo ndelok ladhang mau. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.’ Sing liyané kandha, ’Aku lagi waé tuku sapi limang pasang lan aku arep mrono kanggo ndelok kuwi. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.’ Sing liyané manèh kandha, ’Aku ora isa teka, merga aku lagi waé nikah.’”—Lukas 14:16-20.
Kuwi alesan-alesan sing ora masuk akal. Biasané, wong bakal mriksa dhisik ladhang utawa kéwan sakdurungé dituku, mula sakjané ora perlu dipriksa manèh sakwisé kuwi. Wong lanang sing katelu mau ora lagi nyiapké nikahané, nanging dhèwèké kuwi wis nikah. Mula, kuduné dhèwèké isa teka ing undangan mau. Wektu krungu alesan-alesan kuwi, wong lanang sing nganakké pésta dadi nesu banget.
-
-
Sapa sing Diundang Gusti Allah ing Pésta Gedhé?Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Umpama kuwi nduduhké nèk Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus ngundang wong-wong supaya isa mlebu ing Kratoné Allah ing swarga. Undangan kuwi sepisanan diwènèhké marang wong Yahudi, kususé para pemimpin agama. Nanging, akèh-akèhé padha nolak undangan kuwi. Mula, undangan kuwi bakal diwènèhké marang liyané. Undangan kapindho bakal diwènèhké marang proselit lan wong-wong Yahudi sing dirèmèhké para pemimpin agama. Sakwisé kuwi, undangan katelu, utawa sing pungkasan, bakal diwènèhké marang wong-wong sing miturut wong Yahudi ora pantes dadi abdiné Gusti Allah.—Kisah 10:28-48.
-