-
Anak sing Ilang Wis Bali ManèhYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Wektu kuwi, anaké sing mbarep lagi ana ing ladhang. Yésus crita, ”Wektu mulih lan wis arep tekan omah, dhèwèké krungu swara musik lan tarian. Mula, dhèwèké nyeluk salah siji pelayan lan takon apa sing lagi kelakon. Pelayan kuwi njawab, ’Adhiné panjenengan wis mulih, lan bapaké panjenengan mbelèh anak sapi sing lemu, merga adhiné panjenengan mulih kanthi slamet.’ Nanging dhèwèké nesu lan ora gelem mlebu. Banjur bapaké metu lan ngerih-erih supaya dhèwèké mlebu. Dhèwèké kandha marang bapaké, ’Wis pirang-pirang taun aku nyambut gawé kaya budhak kanggo Bapak, lan babar blas aku ora tau nglawan préntahé Bapak. Nanging Bapak ora tau mènèhi aku anak wedhus kanggo dimaem bareng karo kanca-kancaku. Nanging wektu anaké Bapak kuwi mulih, anak sing ngentèk-entèkké bandhané Bapak bareng karo para pelacur, Bapak malah mbelèh anak sapi sing lemu kanggo dhèwèké.’”—Lukas 15:25-30.
Para ahli Taurat lan wong Farisi kuwi kaya anak sing mbarep, sing ngritik welas asih lan sipat perduliné Yésus marang wong biasa lan wong dosa. Dadi, Yésus mènèhi umpama iki kanggo ngelokké wong-wong kuwi. Kabèh wong sing ngritik welas asihé Gusti Allah uga kudu sinau saka umpama iki.
-
-
Anak sing Ilang Wis Bali ManèhYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Yésus ora nyritakké apa sing akiré ditindakké anak sing mbarep. Nanging, sakwisé Yésus séda lan diuripké manèh, ”akèh imam uga dadi wong percaya”. (Kisah 6:7) Kuwi mungkin klebu sapérangan wong sing ngrungokké langsung umpama bab anak sing ilang iki. Ya, malah wong-wong kaya ngono kuwi uga isa sadhar, mertobat, lan bali marang Gusti Allah.
-