-
Wong Lanang Sugih lan LazarusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Yésus crita, ”Ana wong lanang sugih sing nganggo klambi ungu lan kain linen sing larang regané. Dhèwèké urip méwah saben dina. Ana wong ngemis jenengé Lazarus sing kerep digawa ing ngarep gerbang omahé wong sugih kuwi. Awaké kebak gudhig. Wong ngemis kuwi péngin ngisèni wetengé nganggo sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih kuwi. Malah asu-asu kerep teka lan ndilati gudhigé.”—Lukas 16:19-21.
-
-
Wong Lanang Sugih lan LazarusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Piyé para pemimpin agama sing sugih iki nganggep wong-wong miskin, utawa rakyat biasa? Wong-wong kuwi ngrèmèhké lan nyebut wong-wong kaya ngono kuwi am haarets, sing ora paham Taurat lan ora pantes diwulang bab Taurat. (Yohanes 7:49) Wong-wong kuwi kaya ”wong ngemis jenengé Lazarus”, sing péngin banget éntuk ”sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih”. Lan kaya Lazarus sing awaké kebak gudhig, rakyat biasa kuwi dirèmèhké, kaya-kaya lara rohaniné.
-