PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Sepuluh Wong Kusta Dimarèkké, Siji sing Matur Nuwun
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Sanga wong kusta sing wis dimarèkké kuwi banjur neruské perjalanané. Nanging, ana wong siji, yaiku wong lanang Samaria, bali manèh kanggo nggolèki Yésus. Apa sebabé? Wong lanang iki bener-bener matur nuwun marang apa sing wis Yésus tindakké. Dhèwèké ”ngluhurké Gusti Allah nganggo swara seru”, merga ngerti nèk Gusti Allah sing marèkké dhèwèké. (Lukas 17:15) Wektu ketemu karo Yésus, dhèwèké sujud lan matur nuwun marang Yésus.

  • Sepuluh Wong Kusta Dimarèkké, Siji sing Matur Nuwun
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Yésus nduduhké nèk dhèwèké didhukung Yéhuwah wektu marèkké sepuluh wong kusta kuwi. Siji wong lara kusta sing matur nuwun kuwi ora mung wis dimarèkké saka larané, nanging kayané uga éntuk urip langgeng. Kita ora urip ing jaman wektu Gusti Allah, liwat Yésus, marèkké wong nganggo cara mukjijat. Nanging, nèk nduwé iman marang Yésus, kita isa éntuk urip langgeng. Apa kita bakal nduduhké rasa matur nuwun kaya wong lanang Samaria mau?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim