PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?
    Warta Penting (Umum)—2020 | No. 2
    • Yésus ngomong, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing ngendi-endi bakal ana kurang pangan uga wabah penyakit.” (Lukas 21:10, 11) Peristiwa-peristiwa kuwi bakal kelakon bebarengan lan dadi tandha sing jelas nèk ”Kratoné Allah wis cedhak”. Apa peristiwa-peristiwa kuwi wis kelakon ing sakdonya lan ing wektu sing padha? Gatèkna buktiné.

  • Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?
    Warta Penting (Umum)—2020 | No. 2
    • 2. GEMPA BUMI

      Gempa bumi sing ngrusak bangunan.

      Britannica Academic kandha nèk saben taun ana luwih saka 100 gempa bumi sing ”dampaké luar biasa”. Badan Survei Geologi Amerika Serikat nglaporké nèk ”nurut cathetan (mulai taun 1900), saben taun ana kira-kira 16 gempa bumi sing gedhé”. Ana ilmuwan sing nduwé pendapat nèk saiki ana luwih akèh laporan soal gempa bumi merga saiki alat pendétèksi gempa wis saya canggih. Ning nyatané, gempa bumi wis nyebabké akèh kesusahan lan nggawé akèh wong mati.

      3. KURANG PANGAN

      Grafik sing nduduhké nèk bahan pangan berkurang.

      Kurang pangan biasané disebabké karo perang, korupsi, masalah ékonomi, utawa gagal panèn. Laporan Program Pangan Dunia taun 2018 kandha, ”Ing sak donya, ana 821 yuta wong sing kurang pangan, lan 124 yuta saka jumlah kuwi bener-bener ora nduwé apa-apa kanggo dipangan.” Merga kurang gizi, ana kira-kira 3,1 yuta bocah sing mati saben taun. Malah, ing taun 2011, mèh setengah penyebab kematian bocah kuwi merga kurang gizi.

      4. PENYAKIT

      Simbol biohazard.

      Publikasi Organisasi Kesehatan Dunia kandha, ”Ana saya akèh penyakit sing muncul kèt taun 2001. Penyakit-penyakit sing wis ana kèt mbiyèn, kaya kolera, pes, lan demam kuning, muncul manèh. Terus, ya ana penyakit anyar sing muncul, misalé SARS, wabah flu, MERS, Ebola, lan Zika.” Sing lagi waé iki ana pandemi COVID-19. Senajan ilmu kedokteran saya maju, ning ora ana ilmuwan utawa dokter sing isa nemokké obat kanggo kabèh penyakit.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim