PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ngabdi Marang Yéhuwah Tanpa Ana Gangguan
    Warta Penting (Wulangan)—2015 | 1 Oktober
    • 1, 2. Apa sebabé Yésus nresnani Marta, ning apa sing salah saka tumindaké Marta?

      NURUT panjenengan, Marta kuwi wong sing kaya apa? Alkitab kandha nèk Marta kuwi kanca sing ditresnani Yésus. Ning, ora mung Marta waé sing ditresnani lan diajèni Yésus. Maryam seduluré Marta lan Lazarus, uga dadi kancané Yésus. Yésus uga nresnani Maryam, ibuké. (Yo.11:5; 19: 25-27) Dadi, apa sebabé Yésus nresnani Marta?

  • Ngabdi Marang Yéhuwah Tanpa Ana Gangguan
    Warta Penting (Wulangan)—2015 | 1 Oktober
    • 4 Ning, Marta malah sibuk dhéwé. Marta sibuk nyuguhi lan ngladèni Yésus bèn kepénak anggoné mertamu. Pas ndelok Maryam ora ngéwangi dhèwèké, Marta banjur nesu lan sambat marang Yésus. Yésus ngerti nèk Marta péngin nindakké sing becik, mula Yésus ngendika, ”Marta, Marta, kowé iku nyumelangaké lan nggrantesaké prakara akèh.” Yésus banjur ngongkon Marta aja répot-répot anggoné nyuguhi, cukup siji waé suguhané. Banjur, Yésus ngalem Maryam merga ngrungokké piwulangé. Yésus ngendika, ”Maryam wis milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk saka ing dhèwèké.” Maryam isa waé ora kèlingan lawuhé apa pas kuwi, ning ora bakal lali karo piwulang lan carané Yésus ngalem dhèwèké. 60 taun sakwisé kedadéan kuwi, rasul Yokanan nulis, ”Anadéné Marta lan mbakyuné . . . pancèn padha ditresnani déning Gusti Yésus.” (Yo. 11:5) Crita iki nduduhké nèk Marta gelem dikandhani Yésus, banjur ngabdi sakterusé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim