-
Lazarus Diuripké ManèhYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Kayafas suksès mengaruhi Sanhèdrin kanggo nggawé rencana matèni Yésus. Apa mungkin Nikodémus, salah siji anggota Sanhèdrin sing apikan karo Yésus, sing ngandhani Yésus bab rencana iki? Kita ora ngerti pastiné, nanging mungkin kuwi sing nggawé Yésus cepet-cepet lunga saka Yérusalèm, bèn ora dipatèni sakdurungé wektu sing wis ditemtokké Gusti Allah.
-
-
Sepuluh Wong Kusta Dimarèkké, Siji sing Matur NuwunYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Merga Sanhèdrin nduwé rencana kanggo matèni Yésus, Yésus lunga menyang kutha Éfraim, ing sisih timur-lauté kutha Yérusalèm. Yésus manggon ing kana karo para muridé, ngedoh saka para mungsuhé. (Yohanes 11:54) Nanging, sedhéla manèh ana Riyaya Paskah taun 33 M, mula ora suwé manèh Yésus bakal lunga. Yésus nindakké perjalanan menyang arah lor ing Galiléa liwat Samaria. Iki pungkasané Yésus marani dhaérah kuwi sakdurungé dhèwèké séda.
-