PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 117 hlm. 270-hlm. 271 par. 3
  • Perjamuan Dalu Gusti

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Perjamuan Dalu Gusti
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kristus Dikhianati lan Ditangkep
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Paskah Terakhiré Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Kedadéan-Kedadéan Sakdurungé Paskah sing Pungkasan
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 117 hlm. 270-hlm. 271 par. 3
Yésus netepké Perjamuan Dalu Gusti bareng karo para rasulé sing setya

BAB 117

Perjamuan Dalu Gusti

MATIUS 26:21-29 MARKUS 14:18-25 LUKAS 22:19-23 YOHANES 13:18-30

  • YUDAS NDUDUHKÉ NÈK DHÈWÈKÉ KUWI PENGKHIANAT

  • YÉSUS NETEPKÉ PERJAMUAN DALU GUSTI

Yésus lagi waé bar mulang para rasulé bab sipat andhap asor kanthi cara ngwijiki sikilé para rasul. Saiki, kayané sakwisé maem jamuan Paskah, Yésus nyuplik ramalan sing diomongké Daud: ”Dalah mitraku kang dakpracaya, kang kembul mangan karo aku, iku uga ngethungaké tungkaké marang aku.” Yésus banjur nerangké, ”Salah siji saka antaramu bakal ngianati aku.”​—Jabur 41:10; Yohanes 13:18, 21.

Para rasul padha sawang-sawangan, banjur saben wong mulai takon, ”Gusti, dudu aku, ta?” Malah Yudas Iskariot ya ngomong kaya ngono. Pétrus ngongkon Yohanes, sing lungguh ing sebelahé Yésus kanggo takon sapa wong sing dimaksud Yésus kuwi. Mula Yohanes méngo marang Yésus lan takon, ”Wong kuwi sapa Gusti?”​—Matius 26:22; Yohanes 13:25.

Yésus njawab, ”Dhèwèké kuwi wong sing bakal tak wènèhi roti sing tak celupké.” Sakwisé nyelupké roti ing mangkok, Yésus banjur mènèhké kuwi marang Yudas, lan kandha, ”Putrané manungsa bakal lunga, kaya sing wis ditulis bab dhèwèké. Nanging, cilaka kanggo wong sing ngianati Putrané manungsa. Luwih becik nèk wong kuwi ora lair.” (Yohanes 13:26; Matius 26:24) Sétan banjur mengaruhi Yudas. Wong lanang iki, sing wis nyerahké awaké kanggo nindakké karepé Iblis ”bakal disirnakké”.​—Yohanes 6:64, 70; 12:4; 17:12.

Yésus kandha marang Yudas, ”Apa sing lagi kok tindakké, tindakna kuwi luwih cepet.” Merga Yudas sing nggawa kothak dhuwit, rasul-rasul liyané ngira nèk Yésus ngongkon Yudas kanggo ”tuku apa waé sing dibutuhké kanggo riyaya, utawa mènèhi dhuwit marang wong miskin”. (Yohanes 13:27-30) Nanging, sakjané Yudas lunga kanggo ngianati Yésus.

Sakwisé Yudas lunga, Yésus ngenalké riyaya liyané. Yésus njupuk roti, ngucap sokur, nyuwil-nyuwil roti kuwi, banjur mènèhké marang para rasulé kanggo dipangan. Yésus kandha, ”Iki nglambangké badanku sing bakal tak pasrahké kanggo kepentinganmu. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” (Lukas 22:19) Roti kuwi banjur diiderké lan dipangan para rasul.

Banjur Yésus njupuk cawan sing isiné anggur, lan ngucap sokur. Yésus mènèhké marang para rasul, lan saben rasul padha ngombé saka cawan kuwi. Yésus kandha, ”Cawan iki nglambangké perjanjian anyar, sing disahké nganggo getihku sing bakal diecurké kanggo kepentinganmu.”​—Lukas 22:20.

Nganggo cara kuwi, Yésus netepké acara kanggo mèngeti sédané, sing kudu dirayakké para pengikuté saben taun ing tanggal 14 Nisan. Kuwi bakal ngélingké apa sing wis Yésus lan Bapaké tindakké kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan mati. Riyaya iki luwih penting ketimbang Paskahé wong Yahudi, merga pangurbanané Yésus isa mbébaské manungsa kanggo saklawasé.

Yésus kandha nèk getihé ”diecurké kanggo ngapurani dosané akèh wong”. Kuwi klebu para rasul lan murid-murid liyané sing setya. Wong-wong kuwi bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné Bapaké.​—Matius 26:28, 29.

  • Ramalan apa sing dicuplik Yésus, lan apa maksudé?

  • Yésus ngongkon Yudas kanggo nindakké apa, nanging apa sing dipikirké para rasulé liyané?

  • Riyaya anyar apa sing dikenalké Yésus, lan apa tujuané?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim