-
Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 31
Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
Berita ing Alkitab kuwi intiné soal Kerajaané Gusti Allah. Kabèh sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat kerajaan kuwi. Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Apa buktiné nèk kuwi saiki wis mréntah? Selama mréntah, apa waé sing wis kelakon? Sukmbèn, apa manèh sing bakal kelakon? Kuwi bakal dirembug ing pelajaran 31 nganti 33.
1. Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Rajané sapa?
Kerajaané Gusti Allah kuwi pemerintahan sing didegké Yéhuwah ing swarga, sing rajané Yésus. (Matius 4:17; Yohanes 18:36) Menurut Alkitab, Yésus ’bakal dadi raja nganti saklawasé’. (Lukas 1:32, 33) Sing dadi rakyaté kuwi kabèh wong ing bumi.
2. Yésus mréntah karo sapa?
Ana ”wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa . . . bakal dadi raja lan mréntah bumi” bareng karo Yésus. (Wahyu 5:9,10) Jumlahé pira? Meskipun sing dadi muridé Yésus ana akèh, tapi sing mréntah ing swarga bareng Yésus mung 144.000. (Wacanen Wahyu 14:1-4.) Muridé Yésus liyané bakal dadi rakyaté ing bumi.—Mazmur 37:29.
3. Ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa?
Meskipun ana pemerintah sing apik, sing mikirké rakyaté, tapi rencana-rencanané durung mesthi isa kelakon kabèh. Malah, ana sing terus diganti karo pemerintah liya sing ora mikirké rakyaté. Tapi, Yésus ora bakal isa diganti. Gusti Allah wis ”ngedegké kerajaan sing ora bakal dihancurké”. (Danièl 2:44) Pas mréntah bumi, Yésus apikan lan adil. Yésus sayang lan ora mbédak-mbédakké rakyaté. Yésus ya ngajari rakyaté bèn niru sifat-sifaté.—Wacanen Yésaya 11:9.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo dirembug ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa.
4. Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah kabèh wong ing bumi
Yésus nduwé kekuasaan sing luwih gedhé timbang pemerintah manungsa. Wacanen Matius 28:18, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa bédané kekuasaané Yésus karo manungsa?
Pemerintahané manungsa gonta-ganti terus lan ora isa mréntah kabèh wong ing bumi. Nèk Kerajaané Gusti Allah piyé? Wacanen Danièl 7:14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah ”ora bakal dihancurké”?
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah kabèh wong ing bumi?
5. Mung Kerajaané Gusti Allah sing pantes mréntah manungsa
Ngapa kok sing mréntah manungsa kudu Kerajaané Gusti Allah? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa akibaté nèk manungsa sing mréntah?
Wacanen Pengkhotbah 8:9, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, ngapa kok sing mréntah manungsa kudu Kerajaané Gusti Allah?
6. Yésus lan sing mréntah bareng dhèwèké ngerti perasaané manungsa
Yésus sing dadi raja Kerajaané Gusti Allah tau dadi manungsa. Makané, dhèwèké ”isa ngerti kelemahané awaké dhéwé”. (Ibrani 4:15) Sing mréntah bareng Yésus, sing jumlahé 144.000, asalé ya ”saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa”.—Wahyu 5:9.
Apa njenengan seneng bar ngerti nèk Yésus karo sing mréntah bareng dhèwèké tau dadi manungsa? Lha ngapa?
Yéhuwah milih wong-wong saka kabèh bangsa lan basa kanggo mréntah bareng Yésus
7. Aturané Gusti Allah kuwi sing paling apik
Pemerintah nggawé aturan sing ana manfaaté kanggo rakyaté. Kerajaané Gusti Allah ya nggawé aturan sing kudu ditaati rakyaté. Wacanen 1 Korintus 6:9-11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Nèk kabèh manut aturané Gusti Allah,a donya iki dadi piyé?
Menurut njenengan, apa Yéhuwah nduwé hak kanggo ngatur rakyat Kerajaané Gusti Allah? Lha ngapa?
Apa buktiné nèk wong sing kelakuané ora sesuai karo aturané Gusti Allah akhiré isa manut karo Gusti Allah?—Deloken ayat 11.
Nèk aturané pemerintah waé ana manfaaté kanggo rakyaté, apa manèh aturané Gusti Allah
NÈK ANA SING TAKON: ”Kerajaané Gusti Allah kuwi apa?”
Njenengan njawab apa?
KESIMPULAN
Kerajaané Gusti Allah kuwi pemerintahan ing swarga sing bakal mréntah bumi.
Jawaben
Sapa waé sing mréntah ing Kerajaané Gusti Allah?
Ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa?
Yéhuwah péngin rakyaté piyé?
BAHAN TAMBAHAN
Menurut Yésus, Kerajaané Gusti Allah ana ing endi?
”Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?” (Artikel ing jw.org)
Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah pilih ndhukung Kerajaané Gusti Allah daripada pemerintahané manungsa?
Ing Alkitab ana keterangan apa soal 144.000?
Wacanen pengalamané wong wédok sing pas dipenjara dadi ngerti soal pemerintahan sing paling apik.
”Akhiré Aku Ngerti Sapa sing Isa Nggawé Kabèh Wong Ngrasakké Keadilan” (Gatèkna! November 2011)
-
-
Apa Maksudé Ora Mihak?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 45
Apa Maksudé Ora Mihak?
Yésus ngongkon murid-muridé bèn ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yohanes 15:19) Kuwi termasuk ora mihak, maksudé ora éntuk mèlu urusan politik lan ya ora mèlu perang. Kuwi ora gampang soalé isa waé awaké dhéwé diécé. Piyé bèn ora mihak lan bèn isa terus setya karo Yéhuwah?
1. Nèk karo pemerintah, muridé Yésus kudu piyé?
Muridé Yésus kudu ngajèni pemerintah. Awaké dhéwé kudu ’mènèhké marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar’. Kuwi maksudé kudu manut hukumé pemerintah, misalé soal mbayar pajeg. (Markus 12:17) Menurut Alkitab, pemerintah kuwi sing ngijinké Yéhuwah. (Roma 13:1) Dadi, wewenangé Gusti Allah luwih gedhé timbang pemerintahané manungsa. Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngatasi kabèh masalah ing donya.
2. Apa waé buktiné nèk ora mèlu-mèlu politik?
Bar ndelok mukjijaté Yésus, wong-wong péngin bèn Yésus dadi raja. Tapi, Yésus ora gelem. (Yohanes 6:15) Soalé, Yésus ngomong, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.” (Yohanes 18:36) Kaya Yésus, awaké dhéwé ya ora mèlu-mèlu politik. Misalé, ora mèlu perang. (Wacanen Mikha 4:3.) Mémang, awaké dhéwé ora ngrèmèhké lambang negara, misalé bendéra. Tapi ya ora hormat bendéra soalé kuwi padha karo nyembah. (1 Yohanes 5:21) Awaké dhéwé ora ndhukung pejabat utawa partai politik, ning ya ora nglawan. Kuwi kabèh bukti nèk awaké dhéwé mung ndhukung Kerajaané Gusti Allah.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug keadaan-keadaan sing isa marahi dadi mihak, lan piyé carané bèn isa nggawé keputusan sing bener.
3. Wong Kristen ora mihak
Yésus lan murid-muridé ngekèki conto soal ora mèlu-mèlu urusan politik. Wacanen Roma 13:1, 5-7 lan 1 Pétrus 2:13, 14. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok kudu ngajèni pemerintah?
Apa waé buktiné nèk manut karo pemerintah?
Pas perang, ana negara sing ngomongé ora mihak, tapi malah mbantu negara-negara sing perang kuwi. Dadi, ora mihak kuwi kuduné piyé? Wacanen Yohanes 17:16. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan iki:
Apa maksudé ora mihak?
Piyé nèk pemerintah ngongkon nglanggar hukumé Gusti Allah? Wacanen Kisah 5:28, 29. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Nèk hukumé pemerintah ora sesuai karo hukumé Gusti Allah, kudu luwih manut karo sapa?
Menurut njenengan, ora manut karo pemerintah kuwi nèk misalé dikon ngapa?
4. Bukti nèk ora mihak
Wacanen 1 Yohanes 5:21. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok Ayenge ora gelem mèlu partai politik, lan ora gelem hormat bendéra?
Menurut njenengan, apa keputusané bener?
Ora mihak kuwi termasuk apa manèh? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé bèn ora mihak pas lagi nonton pertandingan olahraga internasional?
Ora soal pemerintah nggawé keputusan sing nguntungké utawa nyusahké awaké dhéwé, piyé bèn tetep ora mihak?
Ngapa kok awaké dhéwé isa dadi mèlu-mèlu mihak nèk maca berita utawa ngrungokké pendapaté wong liya?
Apa waé buktiné awaké dhéwé ora mèlu urusan politik?
NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kok ora gelem hormat bendéra utawa nyanyi lagu kebangsaan?”
Njenengan njawab apa?
KESIMPULAN
Awaké dhéwé berusaha bèn ora mèlu-mèlu urusan politik. Kuwi kétok saka pikiran, omongan, lan sikapé awaké dhéwé.
Jawaben
Nèk karo pemerintah, awaké dhéwé kuduné piyé?
Ngapa kok ora mèlu-mèlu urusan politik?
Keadaan apa waé sing isa marahi dadi mèlu-mèlu mihak?
BAHAN TAMBAHAN
Awaké dhéwé mungkin kudu nggawé pengorbanan apa bèn tetep ora mèlu-mèlu politik?
Piyé bèn sak keluarga isa tetep ora mihak?
Ana pengalamané wong sing mauné bangga banget merga isa mbéla negara, tapi akhiré ngerti nèk luwih bangga nglayani Gusti Allah. Deloken vidéoné.
Ana keterangan piyé bèn wektu milih gawéan awaké dhéwé ora mung mèlu-mèlu wong liya.
”Saben Wong Bakal Mikul Tanggung Jawabé Dhéwé-Dhéwé” (Warta Penting 15 Maret 2006)
-