-
Yésus Urip Manèh!Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Wong-wong wadon sing ndelok nèk kuburané Yésus kosong mesthi kagèt banget. Maria Magdaléna langsung ”mlayu marani Simon Pétrus lan murid liyané, yaiku murid sing ditresnani Yésus”, Yohanes. (Yohanes 20:2) Nanging, wong-wong wadon liyané sing isih ana ing kuburan kuwi ndelok malaékat. Ing njero kuburan, ana malaékat liyané sing nganggo ”jubah putih”.—Markus 16:5.
-
-
Yésus Urip Manèh!Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Maria akiré ketemu Pétrus lan Yohanes. Karo menggèh-menggèh, dhèwèké crita, ”Ana sing wis njupuk Gusti saka kuburan, lan aku ora ngerti Gusti didèlèhké ing ngendi.” (Yohanes 20:2) Pétrus lan Yohanes banjur mlayu menyang kuburan. Nanging Yohanes mlayuné luwih cepet ketimbang Pétrus lan tekan luwih dhisik. Dhèwèké nginguk ing njero kuburan lan ndelok ana kain-kain linen ing kono.
Wektu tekan, Pétrus langsung mlebu ing kuburan. Pétrus ndelok ana kain-kain linen lan kain liyané sing dienggo nutupi sirahé Yésus. Yohanes banjur mèlu mlebu, lan akiré percaya karo Maria. Senajan wis dikandhani sakdurungé, nanging wong loro kuwi ora paham nèk Yésus wis diuripké manèh. (Matius 16:21) Karo bingung, wong-wong kuwi mulih. Nanging Maria, sing wis tekan kuburan manèh, tetep ana ing kono.
-