PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Kowé Iku Wanita kang Éndah Ing Warna”
    Warta Penting (Umum)—2017 | No. 3
    • Abraham teka-teka nggawa kabar sing ngagètké. Abraham crita nèk Gusti Allah lagi waé ngendika marang dhèwèké liwat malaékat. Sara mesthi kagèt, banjur mandeng bojoné karo takon, ”Apa sing dingendikakké Gusti Allah? Aku mbok dikandhani!” Mbokmenawa Abraham banjur lungguh lan ngéling-éling apa sing dikandhakké malaékat mau. Banjur, Abraham nyritakké nèk Yéhuwah ngendika, ”Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira sarta menyanga ing tanah, kang bakal Suntedahaké marang sira.” (Para Rasul 7:2, 3) Sakwisé kuwi, Abraham lan Sara mesthi mikirké tenanan tugas saka Yéhuwah kuwi. Sara lan Abraham kudu ninggalké uripé sing wis mapan lan kepénak, banjur kudu urip pindhah-pindhah panggonan. Piyé tanggepané Sara? Abraham mesthi mandeng bojoné karo dheg-dhegan lan mbatin, ’Apa dhèwèké gelem ndhukung aku nggawé owah-owahan sing gedhé iki?’

      Kanggoné awaké dhéwé, pilihan sing diadhepi Sara kuwi kayané ora lumrah. Mbokmenawa awaké dhéwé mikir, ’Gusti Allah ora mungkin ngongkon aku utawa bojoku tumindak kaya ngono.’ Ning, sakjané kita kabèh ya ngadhepi pilihan sing mèh padha. Kita urip ing donya sing seneng mburu bandha, sing ngojok-ojoki awaké dhéwé kanggo ngutamakké bandha lan urip nyaman. Ning, Alkitab ngongkon supaya kita nggawé pilihan sing wicaksana, yaiku ndhisikké bab rohani lan kersané Yéhuwah, dudu nggolèk senengé dhéwé. (Matéus 6:33) Wektu mikirké apa sing ditindakké Sara mbiyèn, awaké dhéwé isa mikir, ’Aku pilih urip sing kaya piyé?’

  • ”Kowé Iku Wanita kang Éndah Ing Warna”
    Warta Penting (Umum)—2017 | No. 3
    • Apa manèh sing kudu ditinggalké Sara? Gusti Allah ndhawuhi, ”Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira.” Kuwi mesthi ora gampang kanggo Sara, sing sayang lan cedhak karo keluargané. Mbokmenawa dhèwèké nduwé sedulur kandung, ponakan-ponakan, pakdhé, budhé, lan liya-liyané sing saiki kudu ditinggalké lan sing ora mesthi isa ketemu manèh. Ning, tanpa ragu-ragu Sara siap-siap kanggo lunga.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim