-
Harapan sing Pasti kanggo Wong MatiWarta Penting (Wulangan)—2020 | Desember
-
-
Yésus kuwi sing pertama diuripké manèh ing swarga (Deloken paragraf 15-16)b
15. Sapa sing dimaksud ”kabèh” sing ”bakal diuripké”?
15 Paulus kandha nèk ”kabèh bakal diuripké merga Kristus”. (1 Kor. 15:22) Suraté Paulus ditulis kanggo wong Kristen ing Korintus sing bakal diuripké manèh ing swarga. Wong-wong Kristen kuwi ”wis disucèkké kanggo nyawiji karo Kristus Yésus lan dilantik kanggo dadi wong-wong suci”, lan wong-wong kuwi disebut ”wong Kristen sing wis mati”. (1 Kor. 1:2; 15:18; 2 Kor. 5:17) Ing surat liyané, Paulus nyebut wong-wong kuwi wis ”mati kaya [Yésus]” lan ”bakal diuripké manèh kaya dhèwèké”. (Rm. 6:3-5) Yésus diuripké manèh dadi makhluk roh lan munggah ing swarga. Mula, kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga bakal ngalami sing padha.
-
-
Harapan sing Pasti kanggo Wong MatiWarta Penting (Wulangan)—2020 | Desember
-
-
17. Kapan kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga nampa berkahé?
17 Wektu Paulus nulis suraté kanggo wong Korintus, para rasul lan wong Kristen sing dipilih munggah swarga durung nampa berkah urip ing swarga. Ning, Paulus ngomong nèk kuwi bakal kelakon ing masa depan. Paulus kandha, ”Saben wong diuripké miturut urutané: Kristus sing sepisanan, banjur wong-wong sing dadi duwèké Kristus diuripké manèh saksuwéné rawuhé Kristus.” (1 Kor. 15:23; 1 Tés. 4:15, 16) Saiki, awaké dhéwé urip ing jaman ”rawuhé” Kristus. Para rasul lan wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing wis mati kudu ngentèni nganti rawuhé Kristus bèn isa ”diuripké manèh kaya [Yésus]” lan isa nampa berkah urip ing swarga.
-